MIKHA 4:4 - Kitab Sutji4 Nanging wong-wong mau siji-sijine bakal lungguh ana ing sangisore wite anggur dhewe, lan ana ing sangisoring wite anjir dhewe lan ora ana wong kang gawe kagete, marga lesane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah kang ngandika mangkono. Faic an caibideil |
Saha kauningana, kula manah-manah badhe ngedegaken padaleman kagem asmanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kula, kadosdene ingkang sampun kaprajanjekaken dening Sang Yehuwah dhateng Rama Dawud, rama kula, makaten: Anakira kang mengko bakal Sunlungguhake ing dhamparira dadi gegentinira, iku kang bakal ngyasakake padaleman kagem asmaningSun.
Aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab mangkene pangandikane ratu ing Asyur: Padha nganakna prajanjian kalawan ingsun minangka tandhaning teluk lan padha metua sowana ing ngarsaningsun, nuli saben wong panunggalanira bakal mangan wohing wite anggur tuwin wohing wite anjir dhewe sarta ngombe banyuning sumure dhewe,