Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:3 - Kitab Sutji

3 Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe, nganti tekan panggonan kang adoh; pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen, lan tumbake kagawe arit; bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane, lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:3
40 Iomraidhean Croise  

kang ngendhakake peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhewa sarta mapakake tumbak, kang ngobongi kareta perang kalawan geni.


Mara padha lungaa, sawangen pakaryane Sang Yehuwah, kang nuwuhake tetumpesan ana ing bumi,


Redi-redi sami nuwuhna tentrem-rahayu dhumateng bangsa, saha tengger-tengger ngangsalna kaleresan!


Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar, sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.


Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi, amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.


ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh, sabab rawuhe bakal ngadili jagad, jagad bakal dihakimi kalawan adil, lan para bangsa kalawan kasetyane.


ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, awit Panjenengane rawuh ngadili bumi, jagad bakal diadili ing sabenere, tuwin para bangsa kalawan kabeneran.


Panjenengane bakal dadi hakim ana ing antarane para bangsa lan bakal ngadili suku bangsa akeh; iku banjur bakal padha nggembleng pedhang-pedhange kadadekake kejen sarta tumbak-tumbake kadadekake arit. Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.


Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka; kithaning para bangsa ingkang prakosa badhe ajrih-asih dhumateng Paduka.


Ing sajroning sakedhep netra karahayon kang saka Ingsun bakal cedhak, pangluwaran peparingingSun bakal teka, sarta Ingsun bakal ngereh para bangsa kalawan astaningSun kang kwaos; pulo-pulo bakal nganti-anti marang Ingsun, padha ngarep-arep marang pakaryaning astaningSun.


Lah bangsa lan karajan kang ora gelem suwita marang sira mesthi bakal sirna; bangsa-bangsa iku bakal karusak, katumpes.


Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kaya sapi sarta ula uripe bakal saka lebu. Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


Sira bakal Sunpundhut garwa kanggo ing salawas-lawase, lan anggoningSun mundhut garwa sira iku kalawan kaadilan lan kabeneran, sarta kalawan sih-susetya lan sih-katresnan.


Ing nalika iku – mangkono pangandikaning Sang Yehuwah – Ingsun bakal midhangetake marang langit, lan langit bakal ngrungokake marang bumi.


ing kono Ingsun bakal nglempakake sakehe bangsa, Sunirid mudhun menyang ing lembah Yosafat, tumuli Ingsun bakal prakaran kalawan para bangsa iku ana ing kana bab umatingSun lan kagunganingSun piyambak, Israel, dene wus padha dipencarake ana ing satengahe para bangsa lan tanah kagunganingSun diedum-edum.


Pangeran Yehuwah banjur bakal majeng perang nglawan bangsa-bangsa iku, kaya ing nalika dinaning campuh perang.


Pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi mangkene: “Para bangsa lan para wong isine kutha-kutha pirang-pirang isih bakal padha teka maneh,


Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.


Amargi Panjenenganipun sampun namtokaken dinten anggenipun badhe ngadili jagad ing saleresipun, lumantar tiyang ingkang sampun kapiji, mawi dipun yektosaken dhateng tiyang sadaya srana dipun wungokaken saking antawisipun tiyang pejah.”


Aku banjur weruh swarga menga: lah, ana sawijining jaran putih; dene asmane kang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.” Panjenengane ngadili lan merangi kalawan adil.


Wong kang bebantahan kalawan Sang Yehuwah bakal padha disirnakake; padha didadekake gumeter dening Panjenengane kalawan gludhug ing langit. Sang Yehuwah ngadili bumi nganti tekan ing poncot-poncote; Panjenengane maringi karosan marang ratu kang dijumenengake, lan ngunggulake sunguning karosane wong kang dijebadi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan