Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:2 - Kitab Sutji

2 lan akeh suku bangsa kang padha budhalan kalawan ngucap: “Payo padha munggah marang gununge Sang Yehuwah, marang padalemane Gusti Allahe Yakub, supaya padha kaparingana pitedah bab margi-margine, sarta supaya kita padha ngambah ing lurung-lurunge, marga saka Sion bakal ana pituduh, lan saka ing Yerusalem bakal ana pangandikane Pangeran Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:2
35 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion; Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!


Rahayu wong kang padha utama lakune, kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.


Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian, margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula.


Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Aku bungah nalika ana wong kang kandha marang aku mangkene: “Ayo padha munggah menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.”


Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah? Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.


lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”


Anakira kabeh bakal padha dadi siswaning Yehuwah, tuwin bakal kadunungan karahayon gedhe;


iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.


Lah bakal tumeka ing titi-mangsane para wong kang jaga bakal padha nguwuh-uwuh ana ing pagunungan Efraim: Payo, padha munggah menyang ing Sion sowan ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita!


Mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nyumerepaken dhateng kula sadaya, margi pundi ingkang kedah kula langkungi lan punapa ingkang kedah kula lampahi.”


Mulane payo padha tetepungan lan mbudidaya kanthi temen-temen supaya wanuh karo Pangeran Yehuwah, Panjenengane mesthi bakal miyos kaya muncule bangbang wetan; kita bakal dirawuhi patrape kaya udan, kaya udan ing wekasaning mangsa kang nelesi bumi.”


Kekarene sakehe bangsa kang wus nglurugi perang Yerusalem, iku saben taun bakal padha seba ngabekti marang Sang Prabu, Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, lan mahargya riyaya Tancebing Tarub.


Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.


Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.


Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.


Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.


Ing kitabe para nabi ana tulisan mangkene: “Wong kabeh bakal kawulang dening Allah.” Mulane sok wonga kang wus ngrungokake sarta nampani piwulang saka Sang Rama, iku marani Aku.


Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.


Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”


Nalika Rasul Paulus lan Barnabas miyos, wong-wong padha nyuwun supaya karo-karone ing dina Sabat candhake karsa paring pangandika maneh bab prakara mau.


marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.


“Iki dhawuh, yaiku katetepan lan pranatan kang atas dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, dakwulangake marang kowe, supaya padha dilakoni ana ing nagara kang kokparani bakal kokejegi,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan