MIKHA 4:13 - Kitab Sutji13 He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi. Faic an caibideil |
Ing wektu iku uga pisungsung bakal dicaosake marang Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah dening bangsa kang dhuwur dedege lan klimis pakulitane lan dening bangsa kang ana ing ngendi-endia diwedeni, yaiku bangsa kang kakuwatane wulet lan ambek siya, kang nagarane ketrajang ing kali-kali, menyang ing padalemane Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah, yaiku gunung Sion.
Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,
Ing wektu iku para gotrah ing Yehuda padha Sundadekake kaya anglo isi geni ana ing satengahe tumpukan kayu lan kayu obor kang murub ana ing satengahe gedhengan gandum; temahan geni loro-lorone iku nyalad ngiwa nengen marang sakehe bangsa ing sakubenge, nanging Yerusalem lestari ana ing panggonane lawas.