Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:12 - Kitab Sutji

12 Nanging wong iku padha ora sumurup kang dadi rancangane Pangeran Yehuwah; padha ora ngreti kang dadi putusane, manawa Panjenengane bakal nglumpukake para umat mau kaya gedhengan gandum kang kagawa marang panuton.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:12
15 Iomraidhean Croise  

Sabdane kaparingake marang Rama Yakub, apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.


Panjenengane ora nindakake mangkono tumrap sakehing bangsa, sarta para bangsa iku padha ora sumurup marang sarake. Haleluya.


Nanging dheweke dhewe karepe ora mangkono lan ora mangkono rancanganing atine, anadene niyate atine arep numpes tuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.


He bangsaku kang wus kaidak-idak lan kainjek-injek apa kang dakrungu saka Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, Gusti Allahe Israel, wus daksumurupake marang kowe.


Sakehing wadya-balane para bangsa kang perang nglawan Ariel, lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartine tuwin para wong kang ngrupeki bakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi;


Awit rancanganingSun iku dudu rancanganira, lan dalanira iku dudu marginingSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing besuke, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Sira iku maune dadi gada tumrap Ingsun, gegamaning perang: Kalawan sira Ingsun ngremuk para bangsa, kalawan sira Ingsun nyirnakake krajan-krajan.


Sebab mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Putri ing Babil iku kayadene pamipitan, ing wektune wong ngiles-iles. Sadhela engkas bakal wus mangsa panen.


ing kono Ingsun bakal nglempakake sakehe bangsa, Sunirid mudhun menyang ing lembah Yosafat, tumuli Ingsun bakal prakaran kalawan para bangsa iku ana ing kana bab umatingSun lan kagunganingSun piyambak, Israel, dene wus padha dipencarake ana ing satengahe para bangsa lan tanah kagunganingSun diedum-edum.


Panjenengane wis ngasta tampah kaagem ngresiki panutone nganti resik babar pisan sarta kaagem nglumpukake gandume ing lumbunge, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan