11 Saiki akeh bangsa kang padha manunggal nglawan marang sira, klawan pangucape: “Kareben dheweke dinajisake, mripat kita kareben bisa nyawang marang Sion nganti katog!”
Bilai! Gumerahe bangsa-bangsa akeh, kang padha gumeder kaya ombaking sagara kang gumleger! Ramening suku-suku bangsa, kang padha rame kaya gumuruhing banyu kang ngedab-edabi.
Sakehing wadya-balane para bangsa kang perang nglawan Ariel, lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartine tuwin para wong kang ngrupeki bakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi;
Mulane nalika ing taun kang kaping sangane jumenenge, ing sasi kang kaping sapuluh tanggal kaping sapuluh Sang Prabu Nebukadnezar ratu ing Babil kanthi wadya-balane nempuh Yerusalem. Banjur padha masang kemah ngepung Yerusalem lan ngadegake tembok pangepungan ana ing saubenge.
Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he Tirus. Ingsun bakal nimbali bangsa akeh, supaya padha nglawan sira, nganti kaya samodra kang metokake alun.
Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Iya sira iku kang wus Sunpangandikakake ing wektu-wektu kang wus kapungkur lumantar para abdiningSun, yaiku para nabining Israel, kang ing wektu iku nganti mataun-taun padha memeca, manawa sira bakal Sunlurugake nglawan marang umatingSun.
Sira aja ngremehake sadulurira ing dina kasangsarane, lan aja bungah-bungah ing ngatase bani Yehuda, ing dina tumpese; lan aja umuk-umukan ing dina karupekane.
Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.
Ing wektu iku Yerusalem bakal Sundadekake watu kang dijunjung kanggo sakehe bangsa. Sapa bae kang njunjung mesthi banget anggone nandhang tatu. Sarta sakehe bangsa ing bumi bakal padha nglumpuk nglawan marang Yerusalem mau.