Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:10 - Kitab Sutji

10 He putri Sion, polaha lan ngadhuh-adhuha, kaya wong wadon kang nglarani! Marga saiki sira kapeksa metu saka ing kutha lan manggon ana ing ara-ara; sira kapeksa lumaku tekan ing Babil, ana ing kana anggonira bakal kapitulungan, iya ana ing kana Pangeran Yehuwah anggone ngluwari sira saka ing tangane mungsuhira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:10
27 Iomraidhean Croise  

Lan turunira, kang bakal metu saka ing sira, bakal ana kang dipundhut kadadekake priyagung ana ing kedhatone ratu ing Babil.”


temboking kutha kabobol lan sakehing wadya-bala ing wayah tengah wengi padha lumayu liwat ing gapura ing antarane tembok loro kang ana ing sacedhake patamanan kraton, sanadyan wong Kasdim padha ngepung ing sakubenge kutha mau. Wong-wong mau padha lumayu menyang ing Araba-Yordan.


Awit saka iku Sang Yehuwah nuli ndhatengake para panggedhening wadya-balane Sang Nata ing Asyur, kang nyepeng Sang Prabu Manasye nganggo ganthol, nuli kabanda nganggo rante tembaga sarta banjur kagawa menyang ing Babil.


Wong kang isih ana kang ora ketaman ing pedhang, padha diboyongi menyang ing Babil, padha didadekake abdi tumbasane Sang Prabu lan abdi tumbasane para putrane, nganti tumeka karajan Persia kang nyekel pangwasa.


“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Sakehe karajan ing bumi wus kaparingake marang ingsun dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe saindenging langit. Panjenengane dhawuh marang ingsun supaya yasa padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem, kang ana ing Yehuda. Panunggalanira kang kagolong umate, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, muga nunggila kalawan wong iku – iku sunparengake mulih!”


Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit, sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babil lan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh, tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat.


Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan, tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh; iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun, sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan, tanpa bayaran lan tanpa besel,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.


Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim! Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak! Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi! Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”


“Sabuk anggonira tuku lan kang sira anggo iku uculana! Menyanga ing bengawan Efrat sabuk iku umpetna ana ing lowahaning parang.”


Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka, lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.”


Nanging padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, heh sira kabeh wong buwangan, kang wus Sunkintunake saka Yerusalem menyang ing tanah Babil!


Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani, swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean, swaraning putri ing Sion kang krenggosan, kang ngegarake tangane: “Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati!”


Kutha-kutha padha dibedhah, beteng-beteng pananggulangan digempur, atine para prawiraning Moab ing kala semana kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.


Raja ing Babil nuli dhawuh mateni para wong iku ana ing Ribla ing tanah Hamat. Mangkono anggone wong Yehuda padha diangkatake menyang ing pambuwangan saka ing tanahe.


Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”


Nglarani arep duwe anak iku sadurunge bayine lair, nanging dheweke iku anak kang tanpa budi, awit anggone obah ora ngetrepi wektune, bareng wus tekan ing wancine, emoh metu saka ing guwa-garbane ibu.


Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana, apadene Sunparingi lebak Akhor minangka gapuraning pangarep-arep. Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom, kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.


Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.


Panjenengane bakal tumindak lan ngengen wong-wong mau kalawan ngagem pangwasane Pangeran Yehuwah, iya kaluhuraning asmane Sang Yehuwah Allahe; wong-wong bakal padha manggon kalawan tentrem, marga samengko Panjenengane iku dadi luhur nganti tekan ing pungkasane bumi;


Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan