Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 4:1 - Kitab Sutji

1 Ing dina-dina kang wekasan bakal kelakon, gununge padalemane Pangeran Yehuwah bakal ngadeg jejeg ngungkuli gunung-gunung, sarta munggut dhuwur ngungkuli tengger-tengger, para bangsa bakal padha gumrudug mrone,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 4:1
53 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Rama Yakub banjur nimbali para putrane sarta ngandika: “Padha nglumpuka, kowe arep dakkandhani apa kang bakal kokalami ing tembe buri.


Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen; saking guwa-garbaning bangbang wetan kaaneman Paduka medal kados ebun.


Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!


Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.


Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken, sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka, saha badhe ngluhuraken asma Paduka.


Ing nalika iku kasalangka kang gedhe bakal diunekake, lan kang ilang ana ing tanah Asyur bakal padha teka mangkono uga kang kabuwang menyang ing tanah Mesir prelu padha sujud nyembah marang Pangeran Yehuwah ana ing gunung kang suci, ing Yerusalem.


Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’ lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’ Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh, tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,


“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.”


Ambakna papanig tarubira, jerengen tendhaning papan padununganira, sira aja ngeman papan; tali-talining tarubira dawanana sarta pathok-pathokira kapasanga kang kukuh!


iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


“Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten: Sion bakal diwluku kaya pategalan, lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.


Ing wektu iku Yerusalem bakal sinebut dhampare Sang Yehuwah, lan sakehing bangsa bakal padha nglumpuk ana ing kono, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.


Mulane bakal padha teka karo surak-surak ana ing tenggere Sion, sarta polatane sumringah, marga saka kamirahane Sang Yehuwah, kang arupa gandum, anggur lan lenga, apadene cempe-cempe lan sapi-sapi; uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu, sarta ora bakal katon nglayung maneh.


Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Moab. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tekan samene pangandikane bab paukuman tumrap Moab.


Sira mangkat nglawan umatingSun Israel kayadene mendhung kang nutupi salumahing bumi. Ing dina kang wekasan iku bakal kelakon lan Ingsun bakal ngirid sira nglawan marang tanahingSun, supaya para bangsa padha wanuh marang Ingsun, yaiku samangsa Ingsun ngatingalake kasuceningSun marang sira ana ing ngarepe, heh, Gog.


menyang ing tanah Israel ing sajrone wahyuning Allah lan aku kapapanake ing gunung kang dhuwur banget. Ana ing dhuwur kono ing ngarepku ana rerupan wujude kaya kutha.


Iki katemtuane tumrap Padaleman Suci iku: wilayah ing pucaking gunung iku kabeh suci linuwih. Lah yaiki katemtuan tumrap Padaleman Suci iku.”


Aku banjur mrene prelu aweh sumurup marang kowe bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu besuk ing dina wekasan, amarga wahyu iki iya tumuju marang jaman kang bakal kelakon.”


Namung kemawon ing swarga wonten Allah ingkang mbuka wewados-wewados; Panjenenganipun sampun paring sumerep dhumateng gusti kawula Sang Prabu Nebukadnezar bab punapa ingkang badhe kalampahan ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng. Wondene supena saha wahyu-wahyu ingkang kapirsanan dening gusti kawula wonten ing pasarean punika makaten:


Sami sanalika ingkang tosan, lempung, tembaga, salaka saha kencana sami remuk, tuwin sadaya dados kadosdene mrambut wonten ing panuton ing mangsa benter, tumunten kabur ing angin, satemah tilas-tilasipun boten wonten ingkang pinanggih. Dene sela ingkang nempuh reca wau dados redi ageng ingkang ngebaki salumahing bumi sadaya.


Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhe ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhe risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhe pindhah dhateng bangsa sanes: karajan punika badhe nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhe madeg ing salami-laminipun,


tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.


Sawuse iku para wong suci kagungane Kang Mahaluhur bakal padha nampani paprentahan, lan bakal nyekel paprentahan iku ing salawas-lawase, malah langgeng ing salawase.


nganti Kang Sepuh Yuswane mau rawuh lan maringake kaadilan marang para wong suci kagungane Kang Mahaluhur lan wus tumeka ing wancine para wong suci mau padha nyekel paprentahan.


Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.


Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


Tlatahe tanah kono kabeh bakal malih dadi Araba-Yordan, saka ing Geba tekan ing Rimon ing sakidule Yerusalem. Nanging kutha iku bakal munggul dhuwur lan tetep dumunung ana ing panggonane, wiwit saka ing gapura Benyamin nganti tekan ing gapura kang lawas, yaiku gapura Pojok, lan saka menara Hananeel tekan ing pamipitaning anggur kraton.


Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.


Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal rawuh ing Sion maneh lan akedhaton ing tengahe Yerusalem, sarta Yerusalem bakal kasebut: Kutha Setya, dene gununge Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal kasebut: Gunung Suci.


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Besuk ing dina-dina kang wekasan – mangkono pangandikaning Allah – Ingsun bakal ngesokake RohingSun marang sakabehing manungsa; anak-anakira lanang lan wadon bakal padha medhar wangsit, lan wong nom-nomanira bakal padha ndeleng wahyu, sarta wong-wongira kang wis tuwa bakal padha oleh impen.


ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.


Kang luwih dhisik kudu koksumurupi, yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasan bakal ana juru-juru pamoyok kang jumedhul memoyoki, yaiku wong kang lakune padha nuruti hawa-nepsune,


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Dhuh Pangeran, sinten ingkang boten ajrih, saha boten ngluhuraken Asma Paduka? Awit namung Paduka piyambak ingkang suci; amargi sakathahipun bangsa sami badhe sowan sarta nyembah sujud dhateng Paduka, sabab sampun katingal leresing sadaya pangadilan Paduka.”


Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan