Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 3:9 - Kitab Sutji

9 He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 3:9
16 Iomraidhean Croise  

Para panggedhene wong Yehuda banjur padha daktutuh, sarta dakkandhani: “Patrap apa kang padha koklakoni iki, dene padha nerak kasucene dina Sabat.


Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.


Mbenerake wong duraka lan ngluputake wong bener, iku karo-pisan nistha tumrap Pangeran Yehuwah.


Wong duraka nampani besel saka ing kanthong, kanggo ndhoyongake kaadilan.


Ora becik ngeloni wong duraka, kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.


Wong duraka padha diseret dening panganiayane dhewe, marga padha lumuh nindakake kaadilan.


Para panggedhemu iku padha wong mbalela, lan padha sekuthon karo maling. Kabeh padha seneng tampa besel lan mburu sogok. Ora padha mbelani hake para bocah lola lan prakarane para randha ora lumadi marang wong-wong mau.


padha lemu ginuk-ginuk. Kajaba iku uga ngetogake tumindake sakehing piala, ora mreduli marang angger-angger, ora menangake prakarane bocah lola, lan ora mbelani wewenange wong mlarat.


Para imam iku kudu mulang marang umatingSun bab beda-bedane kang suci lan kang ora suci sarta nerangake beda-bedane kang najis lan kang ora najis.


He, para imam, padha ngrungokna, he, umat Israel, padha nggatekna, he, para kulawarganing ratu, nilingna kupingira, awitdene paukuman iku tumuju marang sira, marga sira wus dadi kala-jiret tumrap Mizpa, lan dadi jaring kang kajereng ana ing gunung Tabor,


manawa sira padha nampik marang katetepaningSun lan atinira padha jeleh ngrungokake pranataningSun, nganti sira padha ora ngestokake pepakoningSun, sarta padha mbubrah prasetyaningSun,


He, para kang ngowahi kaadilan dadi butrawali, sarta kang mbanting kabeneran ing bumi!


Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.


Pituturku mangkene: Padha ngrungokna ta, he, para panggedhene Yakub, lan para pemimpine turune Israel. Rak wus sabenere sira sumurup ing kaadilan,


Kenaa ing laknat wong kang nyahak wewenang wong ngamanca, bocah lola lan randha. Wong sabangsa kabeh padha sumaura bareng: Amin!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan