MIKHA 3:8 - Kitab Sutji8 Nanging aku iki kebak ing bab kekuwatan, Rohe Pangeran Yehuwah, sarta kaadilan lan kasantosan, kanggo ngelingake marang Yakub bab panerake lan marang Isarel bab dosane. Faic an caibideil |
Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,
Nanging samangsa kawula mosik: “Aku emoh ngelingi Panjenengane lan wegah ngucapake pangandikane maneh atas Asmane!”, ing salebeting manah kawula kados wonten latu murub makantar-kantar ingkang pinepetan wonten ing balung kawula, kawula ngantos kesel anggen kawula mbetah-mbetahaken, nanging boten kuwawi.