Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 3:5 - Kitab Sutji

5 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap para nabi kang nasarake bangsaku, kang padha ngundhangake tentrem-rahayu, samangsa oleh kang kena dipangan, dene marang wong kang ora menehi apa-apa ing cangkeme, banjur ngumumake perang.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 3:5
25 Iomraidhean Croise  

Mawang wong iku ora becik, ewadene ana wong kang nindakake panerak mung supaya oleh roti sairis.


Anadene umatingSun, kang nyekel pangwasane bocah-bocah, lan bakal kaereh ing para wong wadon. He umatingSun, para pemimpinira iku padha nasarake sira, lan dalan padha sira ambah iku dikisruhake!


kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?


Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; – lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Padha nambani tatune umatingSun, iku kaangep entheng, celathune: Tentrem rahayu! Tentrem rahayu! Nanging ora ana tentrem rahayu.


“Padha samektaa ing perang nglawan dheweke; payo padha nempuh ing wayah tengange!” “Cilaka aku kabeh, amarga srengengene wus ngglewang, wayangane ing wayah sore wus dadi dawa!”


Para nabimu padha nyaritakake marang kowe wahyu kang cidra lan kothong. Padha ora mratelakake kaluputanmu supaya kowe banjur waras maneh. Wangsit-wangsit kang goroh lan nasarake kang dikandhakake marang kowe.


Ingsun bakal ngacungake astaningSun nglawan para nabi kang ndeleng prakara kang ora nyata lan kang ngucapake pameca-pameca kang goroh, wong-wong iku ora klebu ing golonganing umatingSun lan ora bakal kapengetan dadi turuning Israel, lan ora bakal lumebu maneh ing tanah Israel, sarta sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.


Kang iku sira bakal keplesed tiba ing wayah awan, uga nabi bakal keplesed tiba bareng karo sira ing wayah bengi; lan biyungira bakal Sunsirnakake!


Prakara iki undhangna ana ing satengahe para bangsa: padha samektaa ing perang, para pahlawan padha sira angkatna, sakehe prajurit padha sira prentahana supaya ngetoni perang.


Manawa ana wong kang pinter ngothak-athik lan apus-apus, ngucap: “Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,” iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki.


Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!”


Nanging sira wus padha nyimpang saka ing dalan, lan ndadekake wong akeh padha keplesed marga saka piwulangira; sira wus mbubrah prajanjian klawan Lewi, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”


“Sing waspada marang para kang mindha-mindha nabi, kang padha nekani kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel, mangka sajatine iku asu ajag kang galak.


Sabab wong kang kaya mangkono iku, padha ora leladi marang Sang Kristus, Gusti kita, nanging padha ngawula marang wetenge dhewe. Lan kanthi tembunge kang muluk-muluk lan basane kang manis, padha nindakake apus krama marang kang padha tulus atine.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan