4 Nuli bakal padha sambat-sambat dhewe marang Pangeran Yehuwah, nanging ora bakal disembadani. Panjenengane malah nutupi wadanane ing ngatase wong-wong mau ing wektu iku, marga ala panggawe-panggawene.
Manawa sira padha ngegarake tanganira prelu ndedonga, Ingsun bakal nasabi paningalingSun, malah sanadyan sira ndedonga mawali-wali Ingsun ora bakal midhangetake awit tanganira kebak getih.
Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ndhawahake bilai marang bangsa iki, kang ora bisa dioncati lan samangsa sesambat marang Ingsun ora bakal Sunpidhangetake.
Sanadyan padha puwasa Ingsun ora bakal miyarsakake; sanadyan padha ngaturake kurban obaran lan kurban dhaharan, Ingsun ora bakal karenan marang bangsa iki, nanging Ingsun bakal numpes bangsa iki kalawan pedhang, pailan lan pageblug.”
Wong bakal mangsah perang nglawan wong ing Kasdim lan kutha iki bakal kebak mayiting manungsa kang wus Sunpateni marga saka dukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun, awit Ingsun wus nyingidake wadananingSun saka ing kutha iki, marga saka sakehing pialane.
Para nabi nglairake pameca palsu, para imam mulang sakarep-karepe, lan umatingSun bakal dhemen kang kaya mangkono iku! Nanging apa kang bakal sira lakoni samangsa wus tekan ing wekasane?
Mulane bakal Sunwales kalawan bebenduningSun. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan sarta sanadyan padha sesambat marang Ingsun kalawan sora, ora bakal Sunpiyarsakake.”
Para wong sidik bakal padha kawirangan, lan para juru tenung bakal padha kisinan, kabeh bakal padha nutupi raine, marga Gusti Allah ora paring wangsulan.
“Kayadene anggone padha ora ngrungokake nalika katimbalan, iya kaya mangkono anggoningSun ora midhangetake nalika padha sambat-sambat, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –
Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?
Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.
Kula sami sumerep, bilih Gusti Allah punika mesthi boten nyembadani dhateng tiyang dosa, nanging tiyang-tiyang mursid sarta ingkang nglampahi karsanipun, punika ingkang dipun sembadani.