3 padha mangan daginge bangsaku, padha ngeleti kulite saka ing badane, padha ngremuk balung-balunge lan nengkel-nengkel kaya daging ing kuwali, lan kaya iris-irisan daging ing jero kenceng.
Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha nglakoni piala, kang padha mangsa umatingSun nganti entek kayadene mangan roti bae, lan kang ora nyebut marang Sang Yehuwah?
ana turun kang untune arupa pedhang, lan bame arupa lading, kanggo mangsa marang para wong kang tinindhes nganti entek saka ing bumining wong kang padha katindhes, para wong miskin ing antarane manungsa.
Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate: “Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku, barang rayahan saka wong kang katindhes ana ing omahira tumpuk-tumpuk.
Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun. Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun, wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem, kang ora kepengin perang.