Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 3:2 - Kitab Sutji

2 he, sira kang padha sengit marang kabecikan lan dhemen marang piala? Wong iku padha ngeleti bangsaku lan mbeseti daginge saka ing balung-balunge;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 3:2
32 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Prabu Akhab marang Nabi Elia: “Sira bisa ketemu kalawan ingsun ta saiki, he mungsuhingsun?” Atur wangsulane: “Inggih, pancen sapunika kawula pinanggih kaliyan panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun ndadosaken sarira dalem dados budhak kanthi patrap nglampahi punapa ingkang awon wonten ing paningaling Sang Yehuwah.


Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.


kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;


Kabeh wus padha nyimpang, kabeh wus padha bubrah; ora ana kang gawe becik, siji bae ora ana.


Para wong kang nyepelekake angger-angger, iku padha ngalem marang wong duraka, nanging kang netepi angger-angger padha nglawan marang wong kang mangkono iku.


Yagene sira padha niksa umatingSun lan nganiaya para wong kang katindhes?” mangkono pangandikane Gusti Allah, Gustine sarwa tumitah.


Bilai para wong kang ngarani piala iku becik lan kabecikan iku ala, kang ngowahi pepeteng dadi pepadhang lan pepadhang dadi pepeteng, kang ngowahi pait dadi legi, lan legi dadi pait.


Ingsun arsa mratelakake kamursidanira lan sakehing panggawenira, nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:


Awit saka iku mangkene pangandikane Pangeran Allah: Wong kang padha sira pateni iku daginge, dene kutha iki kendhile, nanging sira bakal Sungiring metu saka ing kono.


Para panggedhene ana ing satengah-tengahe kaya asu ajag kang ngelak marang getih padha ndekep memangsane; padha golek kauntungan kanthi patrap kang ora kalal, kalawan gawe rusaking wong-wong.


nuli cemplungana tengkelan daging, kabeh tengkelan kang becik, pupune lan gegere; kebakana balung-balung pilihan.


Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku.


“Padha ngrungokna marang pangandika iki, he, sapi-sapi ing Basan, kang manggon ing gununge Samaria, kang nindhes marang wong apes, lan ngidak-idak wong miskin, kang ngucap marang para bendaranira: Gawanen mrene supaya aku padha ngombe.


Piala iku sengitana lan rumaketa marang kabecikan, njejegna kaadilan ana ing gapurane kutha, bokmanawa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa tumitah bakal karsa paring kawelasan marang kekarene turune Yusuf.


Nanging sira padha madeg dadi mungsuhe umatingSun. Sira padha ngrebut jubahe wong kang seneng rukun, wong-wong kang padha liwat kalawan tentrem, kang ora kepengin perang.


Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.


Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.


Para pangarep ing satengahe iku singa kang nggero; para hakime iku asu ajag ing wayah bengi, kang ora ngengehake apa-apa tumeka esuke.


Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.


Ing kono wong-wong padha mbengok maneh: “Sampun Piyambakipun, Barabas kemawon!” Anadene Barabas iku sawijining begal.


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.


ora bisa atindak tresna, ora gelem rukun, seneng ngala-ala wong, ora bisa ngendhaleni dhiri, ambek siya, ora dhemen marang kang becik,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan