MIKHA 3:11 - Kitab Sutji11 Para panggedhene anggone ngadili marga saka besel, lan para imane anggone mulang marga saka bayaran para nabine anggone nenung marga saka dhuwit, mangka padha sumendhe marang Sang Yehuwah kalawan pangucape: “Pangeran Yehuwah rak ana ing satengah kita! Kita ora bakal katekan bilai!” Faic an caibideil |
“He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?
Upama anaa salah sijine panunggalanira kang gelem ngancing lawang, supaya aja nganti sira nyumed geni ana ing misbyahingSun tanpa guna. Sira ora padha ndadekake keparenging galihingSun – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, – sarta pisungsung kang saka ing tanganira Ingsun ora karsa nampeni.