sarta tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Heh kutha kang ngwutahake getih ana ing tengahira, satemah wus tumeka ing mangsane tibaning paukumanmu, lan kang gawe brahala-brahala kang najisake sira.
Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret.
lan boten sami nggalih bilih langkung maedahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kangge tiyang kathah, tinimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas.”