Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 2:9 - Kitab Sutji

9 Para wong wadon panunggalane umatingSun, iku padha sira tundhung saka ing omah kang disenengi, sarta rerengganing bayi-bayine peparingingSun, padha sira jupuk kanggo ing salawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 2:9
14 Iomraidhean Croise  

Sarta pinujia asmane kang mulya ing salawas-lawase, salumahing bumi kebaka ing kaluhurane. Amin, Amin.


Kemahku wus rusak lan taline wus pedhot kabeh. Anak-anakku wus padha ninggal aku, wus ora ana maneh, wus ora ana kang ngadegake kemahku lan kang menthang tendhaku.


Ingsun bakal nglairake pangwaosingSun ana ing antarane para bangsa lan iku kabeh bakal padha sumurup marang paukuman kang bakal Sundhawahake sarta ndeleng astaningSun kang bakal Sundhawahake marang bangsa-bangsa mau.


sarta wong-wong Yehuda lan wong-wong Yerusalem wus padha sira edol marang wong Yunani, karepira supaya pisah adoh karo tanahe.


Padha ngidak-idak sirahe wong sekeng ana ing lebu, sarta nasarake dalane wong sangsara; anak lan bapa padha sapaturon karo wong wadon enom siji, satemah nyawiyah kasucening asmaningSun;


kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane.


Amarga bumi bakal kawratanan kawruh bab kamulyaning Yehuwah, kayadene sagara anggone kasasaban ing banyu.


Sarta Ingsun piyambak, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – bakal dadi baluwarti geni ing sakubenge, apadene dadi kamulyan ana ing jerone.”


“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.


kang padha nguntal omahe para randha, lan kekedhok donga kang dawa. Wong-wong iku mesthi bakal luwih abot paukumane.”


kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”


Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.


Awit Gusti Allah kang wus ngandika, “Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumorot!”, iku uga kang nyorotake pepadhang ana ing ati kita, supaya kita kapadhangan ing kawruh bab kamulyane Gusti Allah kang katingal ana ing wedanane Sang Kristus.


Milanipun, gusti kawula Sang Prabu mugi miyarsakna aturipun abdi dalem punika. Manawi Pangeran Yehuwah ingkang ngosikaken panjenengan dalem supados nglawan dhumateng kawula, mugi Pangeran sinaosana gandaning kurban sesaosan, nanging manawi punika para anaking manungsa, kenginga ipat-ipat wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, amargi tiyang-tiyang punika sami nundhung kawula, temah kawula boten angsal panduman saking kagunganipun Gusti Allah kaliyan tembungipun: Lungaa, ngabektia marang allah liyane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan