Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 2:7 - Kitab Sutji

7 He, bani Yakub, apa bab iku kena dikandhakake? Apa Pangeran Yehuwah kurang sabar? Apa kaya ngene pandamele? PangandikaningSun iku rak becik tumrap wong kang laku bener?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 2:7
31 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nandukaken kasaenan dhateng abdi Paduka, miturut pangandika Paduka.


Paduka punika sae saha nandukaken kasaenan, kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.


Yaiku wong kang lakune tanpa cacad lan nindakake apa kang adil, apadene ngucapake kabeneran kanthi gumolonging atine,


Tumrap tiyang ingkang setya Paduka ugi tumindak setya, tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.


Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.


Margine Pangeran Yehuwah iku pangayoman tumrape wong kang jujur, nanging ing ngatase wong kang nglakoni piala dadi karusakan.


Sing sapa resik kalakuane iku tentrem lakune, nanging kang tumindak mlinthat-mlinthut, bakal konangan.


Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane.


Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, – Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad –


Sing sapa lakune tanpa cacad, iku bakal kapitulungan, nanging kang plinthat-plinthut bakal tiba ing luwangan.


Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.


Nguwuh-uwuha kang sora, aja ngampet swara! Ngulukna swaranira kayadene kalasangka, wartakna marang umatingSun panerake lan marang para turune Yakub dosane!


Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


He tedhak turune Yakub, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he sakehe kulawargane tedhak turune Israel.


Efraim, brahala-brahala iku magepokan apa karo Ingsun? Ingsun kang paring wangsulan lan nggalih marang sira! Ingsun iki kaya wit beros kang katon ijo, saka Ingsun anggonira oleh woh.


He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,


Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Apa ta pangwasane Pangeran Yehuwah iku kurang kanggo nindakake kang mangkono iku? Ing samengko sira bakal sumurup apa kang Sundhawuhake iku bakal kelakon tumrap sira kabeh!”


Yen mangkono padha metokna woh kang sembada marang pamratobat.


Wong Yahudi padha mangsuli unjuke: “Bapa kula inggih Rama Abraham.” Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha dadi putrane Rama Abraham kowe mesthi padha nglakoni apa kang katindakake dening Rama Abraham.


Yen mangkono, apa bab kang becik iku dadi jalaraning patiku? Babar pisan ora! Nanging amrih tetelaa yen iku mau si dosa, dosa iku migunakake bab kang becik kanggo nekakake patiku, satemah marga saka pepakon mau, banjur saya luwih cetha maneh wujude si dosa.


Kowe iku padha oleh papan kang jembar ana ing atiku, nanging aku mung koksadhiyani papan kang rupek ana ing atimu.


Anggone padha nindakake pangibadah mung laire bae, nanging lugune padha ora nganggep marang sawabe. Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan