Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 2:6 - Kitab Sutji

6 “Aja medhar wangsit,” mangkono celathune, “wong ora nglairake wangsit kang kaya mangkono iku! Kita ora bakal oleh panajad.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 2:6
21 Iomraidhean Croise  

Tetenger kawula boten wonten ingkang katingal, nabi inggih sampun boten wonten malih, saha panunggilan kawula sadaya boten wonten ingkang sumerep badhe ngantos sapinten dangunipun malih.


Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati; mripatmu – yaiku para nabi – wus kaeremake lan raimu – yaiku para wong sidik – wus dikrudhuki.


kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,” lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata, nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake, wedharna wangsit othak-athikan,


“He, anaking manungsa, marepa mangidul lan ngucapna panyendhu kang akeh marang tanah kidul sarta medhara wangsit marang alas ing tanah sisih kidul,


“He, anaking manungsa, sira marepa menyang ing Yerusalem lan ngucapna panyendhu kang akeh marang papane kang suci sarta medhara wangsit kang nglawan tanah Israel.


apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela.


“Nanging para wong nazir padha sira purih ngombe anggur, sarta para nabi padha sira celathoni: Aja medhar wangsit!


Nanging ana ing Betel kene kowe aja medhar wangsit maneh, awit kene iki pepundhene Sang Prabu, sarta pasucene nagara.”


Anadene saiki kowe ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah! Pangucapmu: Kowe aja medhar wangsit nglawan Israel, lan aja ngucapake tetembungan nglawan marang turune Iskak.


Mulane rina bakal dadi wengi tanpa wahyu tumrap sira, lan dadi peteng tanpa tenungan. Para nabi mau bakal padha kasurupan srengenge, sarta raina bakal dadi peteng surem tumrap wong-wong iku.


Awitdene pranatane Omri kang sira tetepi, sarta pokale brayate Akhab kang sira tiru, apadene rancangane kang sira tindakake: satemah sira Sundadekake samun, lan para wongira Sundadekake poyokan; kalawan mangkono sira bakal nyangga panacading para bangsa.”


Namung kemawon supados bab punika sampun ngantos saya sumebar wonten ing satengahing tiyang kathah, prayoginipun tiyang kalih punika kita ancam saha kita awisi, supados sampun ngantos pirembagan malih kaliyan sintena kemawon atas asma punika.”


pangandikane: “Kowe rak wis padha dakwanti-wanti aja memulang atas Jeneng kuwi? Nanging nyatane, kutha Yerusalem wis kokkebaki piwulangmu, lan kowe sumedya nekakake walate getihe Wong iku marang aku.”


Para rasul padha ditimbali lan disapu sarta dilarang, ora kena memulang atas Asmane Yesus. Sawise mangkono padha kelilan mundur.


Heh, tiyang ingkang sami wangkot lan ikutan ing manah sarta ing kuping, sampeyan tansah sami nglawan Sang Roh Suci, sami kados leluhur sampeyan, inggih makaten ugi sampeyan sadaya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan