ora padha didohi, nganti Pangeran Yehuwah nebihake wong Israel iku saka ing ngarsane, kaya kang wus kapangandikakake lumantar sakehing abdine, para nabi. Wong Israel diangkut saka ing tanahe menyang ing nagara Asyur, kaparakake marang ing pambuwangan. Mangkono iku nganti saprene.
Iki wong kang padha mangkat mulih saka ing Tel-Malah, Tel-Harsa, Kerub, Adon lan ing Imer, nanging padha ora bisa nerangake kulawangsane lan asal-usule, apa iya klebu bangsa Israel:
Bakal padha ora lestari manggon ana ing tanahe Pangeran Yehuwah, nanging Efraim kudu bali menyang Mesir, sarta ana ing tanah Asyur bakal padha mangan kang karam.
Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.
Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa, iya ing kalane misahake para anake manungsa, Panjenengane netepake wilayahe para bangsa iku miturut cacahe wong Israel.
Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.
Padha ngajokna wong telu saka saben taler, iku bakal padha dakdhawuhi siyaga arep dakutus ndlajahi nagara iku, sarta nyatheti kaanane miturut pandumane, banjur bali mrene.