MIKHA 2:4 - Kitab Sutji4 Ing dina iku wong-wong bakal nglairake unen-unen lan kidung pangadhuh ing ngatase sira, sarta bakal ngucap: “Kita wus dilebur babar pisan! Pandumane warisan bangsaku iku wus kaukur nganggo tali, lan ora ana wong kang mbalekake, pategalan-pategalan kita diedum-edumake marang wong kang padha nawan kita.” Faic an caibideil |
Nabi Yeremia nganggit kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia. Lan nganti saprene sakehe juru ngidung lanang lan wadon padha ngrepekake kidung-kidung pangadhuh ing bab Sang Prabu Yosia, sarta iku didadekake sawijining padatan ana ing tanah Israel. Iku kabeh padha katulisan ana ing Kidung Pangadhuh.