Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 2:3 - Kitab Sutji

3 Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Lah Ingsun ngrancang bakal nekakake bilai marang jinis iki, lan sira padha ora bakal bisa nguwalake gulunira saka iku, sira padha ora bisa lumaku kalawan angkuh maneh, marga wektu iku wektu kang nyilakani.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 2:3
29 Iomraidhean Croise  

Sabab wong kang santosa-gumunggung bakal ora ana lan tukang memecok bakal sirna, sarta sakehe wong kang duwe kekarepan ala bakal kamusnakake,


Pangeran Yehuwah ngandika: Sarehne wanita ing Sion wus padha gumunggung lan padha lumaku kalawan langak-langak gulune tuwin kalawan main mata, sarta lakune digawe-gawe kalawan gelange sikil kang kumrincing,


kang ngucap: “Gusti Allah dimen age-age lan enggal-enggal nindakake pakaryane, supaya kita padha sumurup; sarta karampungane Kang Mahasuci, Gusti Allah Israel, dimen teka nyedhak, supaya kita padha weruh.”


Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!


Aku wus matur marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, uga kaya mangkono, aturku: “Panjenengan dalem mugi karsaa ngrembat pasanganipun Sang Prabu ing Babil, panjenengan dalem karsaa teluk dhateng panjenenganipun lan rakyatipun, temah panjenengan dalem temtu lestantun sugeng.


Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.


Saben-saben Yehudi rampung pamacane oleh telu utawa patang kaca, Sang Prabu nyebit-nyebit layang iku mawa lading pangirisan, banjur kabucal ing prapen, nganti layang gulungan iku entek kaobong ana ing prapen mau.


Sang Azarya bin Hosaya lan Sang Yohanan bin Kareah sarta sakehing wong kang padha gumunggung iku padha banjur matur marang Nabi Yeremia: “Pangandika panjenengan punika dora! Sang Yehuwah, Gusti Allah kita boten ngutus panjenengan supados ngandika: Sira aja lunga menyang tanah Mesir, supaya manggon dadi wong neneka ana ing kana,


Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.


Sakehing panerakku iku pasangan kang abot, sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran, kang ditumpangake ana ing guluku, satemah njalari enteking kakuwatanku. Pangeran wus ngulungake aku marang ing tangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.


Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang, wus netepi apa kang dadi pangandikane, kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen, wus nggempur tanpa pangeman, mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe, sungune satru-satrumu wus didhuwurake.


Kawula sami dipun bujeng-bujeng wonten ing celakan, sami sayah nanging boten angsal ngaso.


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


Wong kang banter playune iya meksa ora bisa lumayu maneh, lan wong rosa ora bisa migunakake kekuwatane, lan wong prawira ora bisa ngoncati.


He wong Israel, padha ngrungokna pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah tumrap sira, iya tumrap bangsa sakabehe kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir, mangkene pangandikane:


“Mung sira kang Sunudaneni, saka sakehe bangsa ing salumahing bumi, mulane sira bakal Sunukum marga saka sakehe kaluputanira.


Mulane ing mangsa iku, sapa kang duwe budi bakal meneng bae, marga wektu iku wektu kang ala.


Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone; sarta bareng esuk ditindakake, marga prakara iku ana ing pangwasane;


Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.


lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.


mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan