MIKHA 2:2 - Kitab Sutji2 kang manawa melik pategalan, iya tumuli ngrebut, lan omah-omah, iya banjur disrobot bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisine omahe wong satanah-pusakane. Faic an caibideil |
Lah Ingsun mau bengi wus nguningani getihe Nabot lan getihe anak-anake, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – mulane Ingsun bakal mundhut pulihe marang sira ana ing pakebonan kene. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Mulane jisime angkaten lan buwangen ing pakebonan kene, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iku wus cukup, he, para raja Israel, sira ngedohna tumindak keras lan aniaya, tuwin nindakna pangadilan lan kabeneran; lerenana anggonira nindakake kekerasan, yaiku anggonira nundhungi umatingSun saka ing tanah, kang dadi duweke; mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah.
Aku tumuli dipangandikani: “Apa sira wus ndeleng iku, he anaking manungsa? Apa iki prakara remeh, panggawe-panggawe nistha kang dilakoni dening turune Yehuda ana ing kene iki? Dene tanah iki malah banjur wus dikebaki ing panganiaya, lan marga saka mangkono terus bae anggone gawe gerahing panggalihingSun.
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.