Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 2:12 - Kitab Sutji

12 He Yakub, Ingsun mesthi bakal nglumpukake sira kabeh, lan iya mesthi bakal nglumpukake kekarene Israel; Sunklumpukake dadi siji kaya wedhus kang ana ing kandhang, kaya pepanthan ana ing satengahe pangonan, temah kaanan banjur dadi rame dening kehing wong.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 2:12
28 Iomraidhean Croise  

Sawuse Sang Prabu Bela seda, kang nggentosi Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra.


Bareng Sang Prabu Bela seda, Sang Yobab bin Zerah saka ing Bozra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane.


Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane maneh prelu nebus kekarening umate kang isih ana ing Asyur lan ing Mesir, ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara.


Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir, sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulake siji-siji, he wong Israel!


Pangeran Yehuwah kagungan pedhang kang kuthah getih lan gupak gajih akeh banget, yaiku getihe cempe-cempe lan wedhus-wedhus lanang tuwin gajihe ginjeling wedhus-wedhus gembel lanang. Awit Sang Yehuwah nganakake kurban sembelehan ana ing Bozra lan pasembelehan gedhe ana ing tanah Edom.


Wedhus gembel bakal padha nyenggut ing kono kaya ana ing pangonane dhewe tuwin wedhus-wedhus bakal padha golek pangan ana ing jugrugane gedhong-gedhonge wong sugih.


Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.


Ing wektu iku tedhak turune Yehuda bakal marani turune Israel, lan bakal padha teka bebarengan saka ing nagara lor menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhurira minangka tanah pusakane.


Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.


Bakal padha Sunirid metu saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing nagara-nagara sarta Sunirid marang ing tanahe; Ingsun bakal ngengon wedhus-wedhusingSun iku mau ana ing gunung-gununge Israel, ana ing lebak-lebaking kaline lan ana ing papan panggonane wong kono kabeh.


Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.


Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing bab iki Ingsun mundhut, supaya turune Israel padha nyuwun marang Ingsun, apa kang dikarepake kang supaya Suntindakake, yaiku ndadekake turune Israel dadi akeh nganti kaya samodra.


iku padha sira kandhanana: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali para wong Israel saka ing satengahing bangsa-bangsa, kang padha ditekani, Sunklempakake saka ing ngendi-endi sarta bakal Sunirid menyang ing tanahe,


Karodene turune Yehuda lan turune Israel bakal padha nglumpuk nunggal sagolongan, sarta bakal ngangkat wong siji kadadekake pemimpine, banjur bakal ngejegi nagara iki, marga dinane Yizreel iku bakal elok kaanane.


Ingsun bakal kintun geni menyang ing Teman, temah kraton Bozra banjur kamangsa nganti entek.”


Juru panrobos bakal lumaku ana ing ngarepe; padha nrobos lan liwat ing gapura lan bakal metu saka ing kono. Ratune bakal tindak terus ana ing ngarepe, sarta Pangeran Yehuwah piyambak tindak ana ing pucuke pabarisan!


Anadene sira, he, Manaraning-Pepanthan Wedhus, he, tenggere putri ing Sion, sira bakal katekanan lan kawengku maneh dening paprentahan kang dhisik, yaiku keprabone putri ing Yerusalem.


Apadene kekarene Yakub iku bakal ana ing antarane para suku bangsa, lan ing tengahe para bangsa akeh, kaya singa ana ing antarane sato alas, kaya singa nom ana ing tengahe pepanthan wedhus; menyanga ngendi bae parane, mbanting lan nubruk, lan ora ana kang bisa nguwalake.


Tanganmu bakal ngungkuli para lawanmu, sarta sakehe mungsuhmu bakal katumpes.


Paduka mugi karsaa ngengen umat Paduka klayan teken Paduka, inggih menda kagungan Paduka piyambak, ingkang sami kepencil manggen ing wana, ing satengahing kebon wowohan, mugi sami nyengguta wonten ing Basyan lan ing Gilead, kados nalika ing jaman rumiyin.


Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?


Ing wektu iku sira bakal Sunirid mulih, iya Sunklempakake lan Sundadekake misuwur lan ingalembana ana ing satengahe sakehe bangsa ing salumahe bumi, sarta kaananira bakal Sunpulihake ana ing sangarepe wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan