MIKHA 2:11 - Kitab Sutji11 Manawa ana wong kang pinter ngothak-athik lan apus-apus, ngucap: “Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,” iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki. Faic an caibideil |
Nanging ing kalangane para nabi ing Yerusalem Ingsun nguningani pokal kang rusuh, padha laku jina lan tumindak ora jujur, padha mangkotake atine wong kang nindakake piala, temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane. Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun, sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”
Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah; – lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.