10 Ngadega, budhala, awit ing kene iki dudu papan palereman kanggo sira! Marga saka kanajisan sira banjur bakal padha ketaman ing karusakan, malah karusakan kang ora kena dipulihake.
wong Israel bakal Sunsirnakake saka ing tanah kang wus Sunparingake, tuwin padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iku bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun; ing kono Israel bakal dadi pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehe para bangsa.
Ing jamane Sang Prabu Pekah, ratu ing Israel, Sang Prabu Tiglat Pileser, ratu ing Asyur rawuh lan banjur ngejegi Iyon, Abel-Bet-Maakha, Yanoah, Kedesy lan Hazor, Gilead lan Galilea, tanah Naftali kabeh, sarta pendhudhuke nuli diboyongi kabeh menyang ing Asyur, dadi wong buwangan.
Ing taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, Sang Nata ing Asyur ngejegi Samaria. Wong Israel padha diboyongi menyang ing Asyur, menyang ing pambuwangan, padha didhawuhi manggon ana ing Halah, ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline nagara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai.
sira bakal Sunbethot saka ing buminingSun kang wus Sunparingake marang sira, sarta padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iki bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun tuwin bakal Sundadekake pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehing bangsa,
dadi padha ngwutahake getihe wong kang ora luput, iya iku getihe anake lanang lan wadon, kang padha disembeleh dadi sesajen marang brahalane wong Kanaan, temah negara kono banjur najis awit saka anggone utang getih mau.
Tumengaa marang tengger-tengger kang mblindhis lan sawangen! Ana ing ngendi sira ora tau diajak sapaturon? Ana ing pinggir ratan-ratan sira lungguh ngadhang bedhangan, kaya wong Arab ana ing ara-ara samun. Sira wus najisake nagara kalawan anggonira laku jina lan kalawan pialanira.
Amarga ing Sion keprungu tangis: Adhuh padha mati aku! Aku padha banget diwirangake! Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki, dene omah-omahku padha dibrukake.
“He, anaking manungsa, nalika turune Israel padha manggon ana ing tanahe, padha najisake tanah iku kalawan solah tingkahe; kalakuane ana ing ngarsaningSun kayadene najise wong wadon kang lagi nggarap sari.
ing dina iki kowe dakkandhani; yen kowe masthi bakal padha tumpes, ora-orane yen kowe bakal padha lestari pamanggonmu ana ing tanah kang lagi kokparani kalawan nyabrang ing kali Yarden lan bakal kokenggoni.
ing dina iki langit lan bumi dakkon nekseni, yen kowe mesthi enggal bakal tumpes sirna saka ing nagara kang padha kokparani kalawan nyabrang ing bengawan Yarden lan banjur bakal kokejegi iku; kowe ora bakal padha dawa umurmu, nanging mesthi bakal padha tumpes.