Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 2:1 - Kitab Sutji

1 Bilai wong kang padha ngrancang-ngrancang duraka, lan kang ngrantam-rantam piala ana ing paturone; sarta bareng esuk ditindakake, marga prakara iku ana ing pangwasane;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 2:1
40 Iomraidhean Croise  

Aku iki bisa gawe cilakamu, nanging Gusti Allahe bapakmu dhek bengi wus ndhawuhi aku: Poma, sira aja nguneni Yakub sanadyan mung sakecap bae.


Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.”


Sang Haman nuli munjuk marang Sang Prabu Ahasyweros: “Wonten sawenehing bangsa ingkang pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa ing saindenging karajanipun gusti kawula, saha ingkang adat-tata-caranipun beda kaliyan adat-tata-caranipun sakathahipun bangsa sanesipun. Pranatanipun Sang Prabu ugi boten dipun estokaken, mila boten prayogi kagem Sang Nata, manawi ngendelaken tiyang-tiyang wau anggenipun tumindak makaten kanthi mardika.


Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.


nanging sawuse prakara iku mau kaunjukake marang Sang Prabu, panjenengane banjur paring dhawuh kamot ana ing serat, pangarahe ala marang bangsa Yahudi iku mbalika marang mastakane Sang Haman dhewe. Sang Haman saputra-putrane tumuli padha kasulah ana ing panyulahan.


Iku padha meteng kasusahan lan nglairake piala, sarta atine ngandhut goroh.”


Sadurunge wayah bangun esuk durjana tumandang mateni wong kesrakat lan wong miskin, dene yen bengi tumindake kaya maling.


Tembung kang kawetu saka cangkeme iku isi piala lan kaculikan, wis mari anggone tumindak wicaksana lan nglakoni kabecikan.


Ana ing paturone ngrantam-ngrantam piala, kang diambah dalan kang ora becik, sarta ora nyirik piala.


Malah cocog karo karepmu kowe nglakoni piala, tanganmu nindakake kekerasan ana ing bumi.


Wong becik ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, nanging tukang ngapusi iku mesthi diukum.


Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar? Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.


Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani, mangka kowe bisa tumindak mangkono.


awit wong iku padha ora bisa turu, yen durung nindakake piala, ngantuke ilang, yen durung gawe kesandhunge wong;


Sabab wong kang santosa-gumunggung bakal ora ana lan tukang memecok bakal sirna, sarta sakehe wong kang duwe kekarepan ala bakal kamusnakake,


Pangeran Yehuwah tumindak dadi hakim tumrap para pinituwa lan para pemimpining umate: “Sira kang padha ngrusak kebon anggur iku, barang rayahan saka wong kang katindhes ana ing omahira tumpuk-tumpuk.


Wong culika iku akal-akale ala, kang dirancang panggawe kang nistha kanggo gawe cilakane wong sangsara kalawan tembung-tembunge kang goroh, sanadyan wong miskin iku mbelani hake.


Bilai wong kang ndhaku omah siji lan sijine sarta kang ngebeki pategalan siji lan sijine, nganti ora ana papan maneh kanggo wong liya tuwin mung kowe dhewe kang manggon ing nagara kono!


Sabab tanganmu iku najis marga kuthah getih sarta drijimu marga saka piala; cangkemmu ngucapake cidra, ilatmu ngandhakake kaculikan.


Celathune para wong iku: “Payo padha nganakake sekuthon nglawan Yeremia, amarga imam iku ora bakal kentekan piwulang, wong wicaksana ora bakal kentekan pitutur lan nabi ora bakal kentekan pangandikane. Payo kita ngantem dheweke kalawan basane dhewe, lan nggatekake marang sadhengah tembunge!”


Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, yaiku wong-wong kang ngrancang-ngrancang kadurjanan lan nyenyebar pitutur ala ana ing kutha kene,


Sira padha ngendelake pedhangira, sira padha nglakoni kanisthan, kabeh padha ngrusuhi bojone pepadhane – apa sira bakal padha lestari ndarbeni tanah iki?


Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing dina iku sira kadunungan niyat ing sajroning atinira, sira gawe rancangan ala.


Raja aja nganti nyahak tanah pusakaning rakayt, satemah padha kesuk saka ing tanahe iku; mung duweke dhewe kang kena kawarisake marang anak-anake, supaya umatingSun aja nganti ana kang kesuk saka ing tanah pusakane.”


Wong-wong sugih ing kutha iku padha kebak panganiaya, wong kang manggon ing kono padha ngucapake paracidra, sarta ilate ing cangkeme iku tukang ngapusi.


Saka ing sira rak jumedhul wong kang ngrancang-ngrancang piala nglawan marang Sang Yehuwah, sarta kang aweh pitutur kadursilan, ta?


Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine.”


Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.


Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.


Wangsulane Gusti Yesus: “Panjenengan mesthi boten kagungan panguwaos punapa-punapa tumrap Kula, manawi panguwaos wau boten kaparingaken dhateng panjenengan saking nginggil. Pramila: tiyang, ingkang ngladosaken Kula dhateng panjenengan, punika dosanipun langkug ageng.”


Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.


Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.”


Padha dhemen wadul, mitenah, sengit marang Gusti Allah, kurang ajar, kumlungkung, umuk, sugih pangreka ala, ora mbangun-turut marang wong tuwa,


Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan