Ing taun kang kaping patbelas ing jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur rawuh lan nempuh kutha-kuthane beteng nagara Yehuda, kang banjur padha kena karebat.
Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.
Punapaa dene reribed kawula boten telas-telas lan tatu kawula awrat sanget, ngantos angel dipun jampeni? Saestu Paduka punika dados lepen ingkang ngapirani, toyanipun boten kenging dipun jagekaken.
Cacadira iku ora ana tambane, lan tatunira wus ora bisa mari, sakehe wong kang krungu bab kaananira, padha keplok-keplok marga saka sira iku, awit sapa bae kang ora ketaman ing pialanira terus-terusan?