Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 1:8 - Kitab Sutji

8 Awit saka kang mangkono iku aku arep sesambat lan ngadhuh-adhuh, arep lumaku tanpa trumpah lan wuda, pangadhuhku bakal kaya pangadhuhe asu alas, sarta pasambatku kaya pasambate manuk unta.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 1:8
19 Iomraidhean Croise  

Ing taun kang kaping patbelase jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, nempuh kutha-betenging nagara Yehuda sarta banjur kabedhah.


Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.


Aku wus dadi sadulure asu ajag lan kancane manuk unta.


Margi saking pasambat kawula ingkang sora kawula ngantos kantun lunglit.


dene kang bakal mlegung ing kono yaiku kewan ing ara-ara samun, lan omah-omahe bakal kebak manuk beluk, manuk-manuk unta kang bakal padha manggon ing kono, lan jim-jim kang padha lincak-lincak;


asu alas bakal padha mbaung ana ing kadhaton-kadhatone, tuwin asu ajag ana ing kraton-kratoning kasenengan. Wektune bakal enggal teka, sarta dina-dinane ora bakal diulur.


Mulane aku melu nangis kaya Yaezer marga saka wit anggur ing Sibma mau; kowe arep daktelesi kalawan eluhku, he Hesybon lan Eleale, amarga ing mangsa ketiga trep ing mangsa panen mungsuhmu nempuh kalawan alok perang.


Mulane lambungku lara banget, aku lara mules kaya mulesing wong wadon kang manak; aku mringkus-mringkus, ora krungu maneh, aku kaget, ora ndeleng maneh.


Mulane aku celathu: “Aku aja koktolih, etogna bae anggonku nangis kepati; aja meksa aku supaya kau kelipur ing bab patine putrining bangsaku.”


Padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi ayem, padha gumetera, he para wong wadon kang padha urip kanthi tentrem, selehna lan cucula sandhanganmu, padha manganggoa bagor ing lambungmu!


Adhuh, dhadhaku, dhadhaku! Aku lara kaya rinemet-remet! Adhuh, pagering jantungku! Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem, amarga aku krungu swaraning kalasangka, gumuruhing perang.


Saupama sirahku kebak banyu, lan mripatku dadi sumbering luh, mesthi rina-wengi anggonku nangisi patine para bocahe wadon bangsaku.


Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung, lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun, awitdene wus suwung kabeh, nganti ora ana kang ngambah, lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya, dadia manuk ing awang-awang, dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.


Amarga ing Sion keprungu tangis: Adhuh padha mati aku! Aku padha banget diwirangake! Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki, dene omah-omahku padha dibrukake.


“He, anaking manungsa, sira ngadhuh-adhuha bab masyarakat ing Mesir, bebarengan karo para wanitaning bangsa-bangsa kang ngedab-edabi, golonganing wong Mesir iku padha cemplungna ing bumi kang ngisor dhewe, awor karo para wong kang wus mudhun marang ing luwangan kuburan.


Ing dina iku wong-wong bakal nglairake unen-unen lan kidung pangadhuh ing ngatase sira, sarta bakal ngucap: “Kita wus dilebur babar pisan! Pandumane warisan bangsaku iku wus kaukur nganggo tali, lan ora ana wong kang mbalekake, pategalan-pategalan kita diedum-edumake marang wong kang padha nawan kita.”


Sang Prabu uga lukar pangagemane lan uga medhar wangsit ana ing ngarsane Nabi Samuel. Sang Prabu dhawah gumluntung kalawan lukar pangageman sadina sawengi muput. Iki jalarane wong banjur ngucap: “Apa Sang Prabu Saul uga kagolong para nabi?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan