Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 1:7 - Kitab Sutji

7 Reca-recane bakal padha diremuk lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong, lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake; awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang, mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 1:7
22 Iomraidhean Croise  

Bareng samubarang kabeh wus rampung, wong Israel kang ana ing kono kabeh padha mider-mider ing kutha-kutha ing tanah Yehuda, banjur padha ngrusak sakehe tugu brahala, nyirnakake sakehe saka brahala lan ngrubuhake sakehe tengger pangurbanan lan misbyah ing satanah Yehuda lan Benyamin kabeh, uga kang ana ing Efraim lan Manasye, nganti sirna kabeh. Sawuse mangkono wong Israel kabeh banjur padha mulih menyang ing kutha-kuthane, menyang ing ebeke dhewe-dhewe.


Dene brahala-brahala bakal sirna babar pisan.


Lan sawuse kliwat pitung puluh taun, Sang Yehuwah bakal nggalih marang Tirus, satemah banjur tampa opahing kanisthane maneh, lan banjur bakal tumindak nistha maneh karo sakehing karajan ing salumahing bumi.


Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.


Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake.


Karomaneh dheweke bakal Sunukum marga saka dina-dina nalika nyaosake kurban marang para Baal, sarta nganggo anting-antinge lan kalunge, tuwin banjur ngetutake para bedhangane nanging lali marang Ingsun,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.


Ingsun bakal maringake kebone anggur ana ing kana, apadene Sunparingi lebak Akhor minangka gapuraning pangarep-arep. Ana ing kono dheweke bakal ngidung-ngidung kaya nalika isih enom, kaya nalika mangkat metu saka ing tanah Mesir.


Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane.


He Samaria, pedhetira Suntampik, bebenduningSun mulad-mulad marang wong-wong iku! Nganti pira lawase anggone ora bisa padha nucekake awake


wong-wong Israel iku? Iku tukang kang gawe, sarta iku dudu Allah! Lah pedhet Samaria iku bakal ajur dadi sawalang-walang.


Anggone ngrebut umatingSun iku sarana mbuwang undhi, bocah lanang diijolake karo wong wadon tuna-susila, bocah wadon diedol dhurupake anggur, supaya bisa ngombe.


Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.


Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”


Nanging wohing panggawemu kang dosa, yaiku reca pedhet mau dakjupuk lan dakobong, nuli dakgecak lan dakgiling nganti lembute sabledug; bubukane banjur dakbuwang menyang ing kali kang mili saka ing gunung.


awit sakehe para bangsa wus padha ngombe anggur hawa-nepsune kang saru, sarta para raja ing bumi padha laku jina karo dheweke, tuwin para sudagar ing bumi wus padha dadi sugih marga saka hawa-nepsune.”


Anadene para raja ing bumi, kang padha laku bedhang lan olah kamukten karo dheweke, iku bakal padha nangisi lan nggrantesake samangsa padha ndeleng pegane geni kang ngobong.


Nanging nalika esuke padha tangi, Dhagon katon tiba kerungkeb ana ing sangarepe pethine Sang Yehuwah, nanging endhase Dhagon lan tangane karo pisan pothol lan mencelat tekan ing tlundhaging lawang, mung gembunge kang isih kari.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan