Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 1:6 - Kitab Sutji

6 Mulane Samaria bakal Sundadekake jugrugan ana ing ara-ara, dadi pakebonan anggur, watu-watune bakal Sunbuwangi ing lebak lan dhasar-dhasare bakal Suneler.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 1:6
19 Iomraidhean Croise  

Lan saupami panjenenganipun mundur mlebet dhateng salah satunggaling kitha, sadaya bala Israel badhe ningseti kitha punika lan saged kita larak dumugi ing lepen, temah boten wonten krikil satunggal kemawon ingkang taksih pinanggih wonten ing ngriku malih.”


Iku sawuse telung taun luwih kena karebut, yaiku ing taun kang kaping neme jamane Sang Prabu Hizkia – iku taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel – Samaria bisa karebut.


Nalika ing taun kang kaping papate jamane Sang Prabu Hizkia – iku taun kang kapitune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel – Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nempuh Samaria, kang banjur dikepang.


Sira apa ora wus krungu, manawa Ingsun wus nemtokake dina saka ing kadohan lan wus ngrancang bab iku nalika ing jaman kuna-makuna? Saiki iku Sunwujudake, yaiku manawa sira gawe sepi mamringe kutha-kutha beteng sira dadekake tumpukan watu.


Wangsit tumrap Damsyik. Sanyata Damsyik ora bakal lestari dadi kutha, mengko bakal dadi tumpukan jugrugan;


Uwat-uwating tembokmu kang dhuwur bakal kaebrukake lan karubuhake, sarta kaglimpangake ing lemah lan lebu.


Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela, saha kitha-beteng punika dados jugrugan; purining bangsa manca sampun sanes kitha malih, lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.


Sira bakal gawe kebon anggur maneh ana ing pagunungan Samaria; dene para wong kang padha gawe iku bakal ngundhuh pametune uga.


He gunung pangrusak, lah, Ingsun dadi mungsuhira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – kang nglebur salumahing bumi! Ingsun bakal ngagagake astaningSun marang sira, nggolingake sira saka ing parang-parang lan ndadekake sira dadi gunung geni kang wis sirep.


Babil bakal dadi tumpukan gempuran, pandhelikane asu ajag, panggonan kang marakake ngungun lan ngeses-ngeses lan dadi cecampahan, ora ana kang ngenggoni.


Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugrugan papan pandhelikaning asu ajag. Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring, ora ana kang manggon maneh.”


Adhuh lae, emas iku kok surem temen, emas murni kok malih; watu-watu suci iku padha kabuwang ana ing pojoke saben lurung.


Sabanjure Ingsun bakal njugrugake balowarti kang sira labur kalawan gamping iku lan Sunbrukake ing lemah, nganti tetalese katon; balowartining kutha iku bakal ambrol lan sira bakal padha tiwas ana ing jerone! Ing kono sira bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.


Sarehne sira padha ngidak-idak marang wong apes, sarta gandume kokpajegi, mulane sanadyan sira wus padha gawe omah watu tatahan, nanging iku bakal ora sira enggoni; sanadyan sira wus gawe pakebonan anggur kang endah, nanging sira ora bakal ngombe anggure.


Pangeran Yehuwah wus supaos demi sarirane piyambak; – mangkono pangandikane Sang Yehuwah Allah Gustining sarwa tumitah –: “Ingsun enek mirsani piangkuhe Yakub, lan sengit marang kadhatone; nagara saisine bakal Sunulungake.”


Kang iku marga saka sira Sion bakal diwluku kaya pategalan lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununge Padaleman Suci bakal dadi gunung kang kasasaban ing alas.


Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka, inggih mitulungi jebadan Paduka. Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk, dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan (sela).


Banjur padha dipangandikani: “Apa kowe padha ndeleng iku kabeh? Satemene Aku pitutur marang kowe, bakale ing kene ora ana watu siji bae kang lestari tumumpang ing watu liyane, kabeh bakal dijugrugi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan