MIKHA 1:5 - Kitab Sutji5 Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub, lan saka dosane turune Israel. Apa ta panerake Yakub iku? Iku rak Samaria? Dosane turune Yehuda iku apa ta? Iku rak Yerusalem? Faic an caibideil |
Ing taun kang kaping wolune paprentahane, nalika panjenengane isih timur, panjenengane wiwit ngupadi marang Gusti Allahe Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ing taun kang kaping rolas Sang Prabu wiwit ngresiki kanajisaning Yehuda lan Yerusalem yaiku nyingkirake tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala, reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan.
Misbyah-misbyahe para Baal padha dibubrahi ana ing ngarsane; padupan-padupan kang ana ing dhuwure padha diejur-ejur; tugu-tugu brahala padha diremuki lan digecaki, uga reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan, nuli disawur-sawurake ing kuburane wong kang padha sesaji kurban marang brahala-brahala iku.
Nanging ing kalangane para nabi ing Yerusalem Ingsun nguningani pokal kang rusuh, padha laku jina lan tumindak ora jujur, padha mangkotake atine wong kang nindakake piala, temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane. Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun, sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”