4 Gunung-gunung padha ajer ana ing sangisore sampeyane lan lebak-lebak padha bengkah kaya malam cedhak geni, kaya banyu nggrojog ana ing udhun-udhunan.
Gusti Allahing sarwa dumadi kang ndumuk marang bumi, temah gonjing, lan para wong kang ngenggoni padha nandhang susah, sarta kabeh padha mumbul kaya bengawan Nil, banjur mendhak maneh kaya bengawan ing Mesir;
Gunung-gunung padha gumeter ana ing ngarsane, lan tengger-tengger padha leleh. Bumi dadi sepi mamring ana ing ngarsane dalah jagad lan kang padha ngenggoni kabeh.
Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing, paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget, gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk, tengger-tengger kang wus maabad-abad anane padha mendhak; kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.
Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah ing sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.
Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.
Dhuh Yehuwah, nalika Paduka tindak saking kitha Seir, lan Paduka tindak mangsah saking tlatahipun bangsa Edom, bumi lajeng gonjang-ganjing, langit inggih nunten ngedalaken toya mendhung ugi sami netesaken toyanipun.