Marga astane Pangeran Yehuwah bakal ngayomi gunung iki, nanging Moab bakal kaidak-idak ana ing panggonane dhewe, kayadene dami kang kaidak-idak ing luwang rereged.
Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.
Satemene Panjenengane kang yasa gunung-gunung lan nitahake angin, sarta nyumurupake marang manungsa apa kang digalih, kang yasa padhang lan peteng, sarta kang tindak ana ing sadhuwure tengger-tengger, iku Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa dumadi asmane.
Gusti Allahing sarwa dumadi kang ndumuk marang bumi, temah gonjing, lan para wong kang ngenggoni padha nandhang susah, sarta kabeh padha mumbul kaya bengawan Nil, banjur mendhak maneh kaya bengawan ing Mesir;
Sang Yehuwah, Gustiku iku dadi karosanku: Panjenengane damel sikilku kaya sikiling menjangan, Panjenengane marengake aku lumaku ing tengger-tenggerku. (Kanggo pemimpining juru ngidung, binarung ing swaraning clempung).
Ing wektu iku sampeyane tumapak ana ing gunung Jaitun kang kaprenah ing sangarepe Yerusalem sisih wetan. Gunung Jaitun mau bakal binelah dadi loro, saka ing wetan mangulon, satemah banjur nganakake lebak kang jembar banget; sigarane gunung mau kang siji mingser mangalor, sijine mengidul.
Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi, diparingi pangan pametune pategalan, didadekake nesep madu saka ing gunung parang lan lenga saka ing watu kelang,
Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”