MIKHA 1:2 - Kitab Sutji2 He, sakehe para bangsa, padha ngrungokna! He, bumi dalah isine, padha nitenana, Pangeran Yehuwah kareben dadi seksi ing ngatase sira kabeh, iya Pangeran, saka ing padalemane kang suci. Faic an caibideil |
Atur wangsulane wong-wong mau marang Nabi Yeremia: “Mugi Sang Yehuwah dadosa seksi ingkang setya tuhu lan kenging dipun pitados ingkang tumuju dhateng kula sadaya, manawi kula boten ngestokaken sadaya pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang panjenengan dhawuhaken dhateng kula.
Ingsun bakal nyelaki sira kabeh prelu ngasta pangadilan lan jumeneng dadi seksi kang maju nglawan marang para juru tenung lan para wong laku bandrek, sarta marang wong-wong kang nglairake sumpah palsu, tuwin marang wong kang nindhes para buruh opahan, para randha lan bocah lola, apadene kang nundhung wong ngamanca, tanpa duwe rasa wedi marang ingsun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.