MIKHA 1:16 - Kitab Sutji16 Cukura lan gundhula, marga saka anak-anakira kang padha sira tresnani! Gundhul dikaya manuk garudha, marga anak-anakira iku bakal padha kaparakake menyang ing pambuwangan. Faic an caibideil |
Mulane Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Somahira bakal dadi wanita tunasusila ana ing kutha, lan anak-anakmu lanang lan wadon bakal padha mati dening pedhang; tanahmu bakal kaedum-edum srana tali ukuran, sarta sira dhewe bakal mati ana ing tanah kang najis, tuwin Israel mesthi bakal kalungakake saka ing tanahe lan dadi wong buwangan.”
Karodene karameaning kabungahanira padha Sunsalini dadi kaprihatinan, lan kekidunganira dadi kidung pangadhuh, sarta sakehe bangkekan Sunsandhangi bagor, apadene sakehe sirah Sundhawuhi gundhul, iku kabeh Sundadekake kaya palayadan marga kelangan anak ontang-anting, lan wekasane dadi dina kang pait-getir.”