Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 1:13 - Kitab Sutji

13 He wong isine Lakhis, kretanira rakitana jaran teji. Iki kang dadi wiwitaning dosa tumrap putri ing Sion amarga sira kanggonan durakane Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 1:13
27 Iomraidhean Croise  

Priya mau bareng wus nuntun tekan ing jaban kutha, kang siji ngandika: “Lumayua, ungsekna uripmu! Aja noleh lan aja mondhag-mandheg babar pisan ana ing saurute lebak Yarden iki, ngungsia menyang ing pagunungan, supaya kowe kabeh aja nganti tumpes.”


Panjenenganipun badhe ngeculaken tiyang Israel margi saking dosa-dosa ingkang sampun dipun lampahi dening Sang Prabu Yerobeam saha ingkang njalari tiyang Israel inggih lajeng damel dosa.”


Anggone lumampah ing sajroning dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat iku kaya-kaya durung cukup, mulane banjur mundhut garwa Sang Putri Izebel, putrane putri Sang Prabu Etbaal ratu ing Sidon, satemah panjenengane nuli ngabekti marang Baal kalawan disujudi lan disembah.


Sair lan dami kanggo jaran-jaran lumrah lan jaran-jaran teji iku padha digawa menyang ing panggonan kang wus katemtokake, manut tanggungane dhewe-dhewe.


Ing Yerusalem ana wong kang padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, mulane Sang Prabu lolos menyang ing Lakhis, nanging wong-wong mau iya banjur kongkonan ngoyak menyang ing Lakhis. Sang Prabu nuli disedani ana ing kono,


Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.


Sugenge niru tindake para ratu ing Israel kaya kang dilampahi dening kulawargane Sang Prabu Akhab, amarga kang dadi garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah.


Adoraim, Lakhis, Azeka,


Sawuse iku Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, kang lagi ngepang Lakhis kalawan wadya-balane kabeh, banjur ngutus punggawa menyang ing Yerusalem, marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda lan marang sakehe wong Yehuda kang ana ing Yerusalem:


Ramening kutha dipoyoki, ora krungu swarane kang nggiring;


Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”


Kang manggon ing Madmena lumayu adoh, wong Gebim lunga ngungsi.


Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.


Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.


Disumurupi, manawa marga saka anggone laku jina Ingsun wus megat Israel, kang murtad iku lan Sunparingi layang pegat; sanadyan mangkono Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora wedi, nanging malah uga banjur laku jina.


nalika wadya-balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine.


Marga saka gumredeging bala jaranan lan prajurit panahan, wong sanagara bakal padha ngungsi kabeh. Padha lumebu ing grumbulan lan munggah ing tengger parang-parang; saben kutha wus padha suwung, lan ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.


Sanadyan Oholiba, adhine, nyumurupi bab iku, ewasamono derenging asmarane lan anggone laku nistha ngluwihi mbakyune.


Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub, lan saka dosane turune Israel. Apa ta panerake Yakub iku? Iku rak Samaria? Dosane turune Yehuda iku apa ta? Iku rak Yerusalem?


Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:


Lakhis, Bozkat, Eglon,


Ananging sira ana sawatara kang Sunwaoni; ing antaranira ana sawatara kang padha ngugemi piwulange Bileam, kang ngajani Balak supaya njlomprongake wong Israel, supaya padha mangana sesajene brahala sarta laku jina.


Nanging sira Sunwaoni, amarga sira ngumbar Izebel, wong wadon kang ngaku-aku nabi, memulang lan nasarake para abdiningSun supaya laku jina lan mangan sesajene brahala.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan