Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 1:10 - Kitab Sutji

10 Aja kokwartakake menyang ing Gat, aja nangis babar pisan, kowe nglosoda ana ing lebu ing Bet-Le-Afra.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 1:10
7 Iomraidhean Croise  

Iku aja diwartakake ana ing Gat, lan aja digiyarake ana ing lurung-lurunge Askelon, supaya para wanita ing Filisti aja nganti padha suka pari suka, lan para prawane wong ikutan padha jingklak-jingklak.


Ayub banjur njupuk wingka kagawe ngeroki awake, sarta nglosod ana ing pawuhan.


He putrining bangsaku, padha manganggoa sandhangan bagor lan gulunga ana ing lebu! Nandhanga sedhih kaya nangisi anak ontang-anting, nangisa kalawan susah sedhih. Amarga kang gawe pepati bakal teka kalawan ndadak lan nempuh marang sira.


Ambruka lan nempelna raine ing lebu, bokmanawa isih ana pangarep-arep.


Mulane ing mangsa iku, sapa kang duwe budi bakal meneng bae, marga wektu iku wektu kang ala.


Sarta manawa pamane kang ngobong jisime iku, kang teka arep njunjung lan ngetokake jisim saka ing omah iku, sarta takon marang kang ana ing buri: “Apa isih ana wong maneh kajaba kowe?” mangka kawangsulan: “Ora ana,” nuli bakal celathu: “Wis menenga!” Sabab ora patut nyebut asmane Pangeran Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan