Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MIKHA 1:1 - Kitab Sutji

1 Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Mikha wong Moresyet, nalika jamane Sang Prabu Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, yaiku gegayutan karo anggone kaparingan wahyu ing ngatase Samaria lan Yerusalem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MIKHA 1:1
27 Iomraidhean Croise  

Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, Pangeran Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.


Mulane Pangeran Yehuwah banjur nggebag Sang Prabu, temah dadi gerah saraat nganti tumeka ing sedane, lan manggen ing dalem pasetran. Anadene Pangeran Yotam, kang putra, mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.


Ing taun kang kaping pitulase jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, Pangeran Akhas putrane Sang Prabu Yotam, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.


Ing taun kang katelune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel, Pangeran Hizkia, putrane Sang Prabu Akhas, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.


Pangeran Akhas nalika jumeneng ratu yuswa rong puluh taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Panjenengane ora nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah kayadene Sang Prabu Dawud, rama leluhure,


Pangeran Hizkia nalika jumeneng ratu yuswa salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Abia, putri putrane Sang Zakharia.


Wahyu kang tiningalan dening Nabi Yesaya putrane Sang Amos bab Yehuda lan Yerusalem nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Sang Prabu Hizkia, para ratu ing Yehuda.


Rungokna, he langit, lan gatekna, he bumi, sabab Pangeran Yehuwah ngandika: “Ingsun wus ngagengake putra-putra lan iku wus Sungulawenthah nanging padha mbalela marang Ingsun.


Ing nalika jamane Sang Prabu Akhas, putrane Sang Prabu Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, nata ing nagara Yehuda, Sang Prabu Rezin, ratu ing nagara Aram, kalawan Sang Prabu Pekah putrane Sang Remalya, ratu ing Israel, padha nglurug perang menyang ing Yerusalem, nglawan kutha iku, nanging ora padha bisa ngalahake.


Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim, sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria. Manawa sira padha ora pracaya, sira ora bakal padha tulus santosa.”


“Nalika jamanipun Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda wonten tiyang, namanipun Mikha, tiyang Moresyet, ingkang sampun meca saha cariyos dhateng bangsa Yehuda sadaya, tembungipun: Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados makaten: Sion bakal diwluku kaya pategalan, lan Yerusalem bakal dadi jugrugan, sarta gununging Padaleman Suci bakal dadi gunung kang ana alase.


Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Hosea bin Beeri, nalika jamane Sang Prabu Uzia, Yotam, Akhas lan Hizkia, para ratu ing Yehuda, sarta nalika jamane Sang Prabu Yerobeam bin Yoas, ratu ing Israel.


He, Israel, manawa sira laku jina, Yehuda aja nganti melu gawe kaluputan, aja lunga menyang Gilgal, lan aja munggah menyang ing Bet-Awen, sarta aja sumpah: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang!”


Israel wus nglalekake Kang nitahake, lan wus ngadegake kraton-kraton; Yehuda wus ngakehake kutha-kutha kang santosa, nanging Ingsun bakal ndhawahake geni ing kutha-kuthane, kang mangsa kadhaton nganti ludhes.


Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu.


“Bilai para wong kang rumangsa ayem ana ing Sion, lan kang rumangsa tentrem ana ing gununge Samaria; iya para panggedhene bangsa kang utama, kang disebani dening turune Israel.


Iku kabeh kelakon marga saka panerake Yakub, lan saka dosane turune Israel. Apa ta panerake Yakub iku? Iku rak Samaria? Dosane turune Yehuda iku apa ta? Iku rak Yerusalem?


He, para panggedhene bani Yakub lan para pemimpine turune Israel, padha ngrungokna! He, sira kang padha ewa marang kaadilan sarta kang nbengkokake samubarang kang lenceng,


Wangsit kang katingalan dening Nabi Habakuk.


jalaran ora tau ana pamedhar-wangsit kang kawedharake saka kareping manungsa, nanging marga saka kawangsit dening Sang Roh Suci wong wong banjur padha calathu atas asmaning Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan