Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 9:6 - Kitab Sutji

6 Nanging supaya kowe padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,” – banjur ngandika marang kang lumpuh –: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 9:6
24 Iomraidhean Croise  

Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak, lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.


Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?


Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.


Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”


Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”


Gampang endi kandha: Dosamu wus diapura, karo kandha: Ngadega lan lumakua?


Wonge iya banjur ngadeg lan mulih.


Nanging supaya kowe padha mangreti, yen Putraning Manungsa ana ing donya iki duwe panguwasa ngapura dosa,” – banjur ngandika marang kang lumpuh: –


“Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”


Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”


apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.


Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.


Sarta maneh wus kaparingan panguwasa ngasta pangadilan, amarga Panjenengane iku Putraning Manungsa.


Pangandikane Gusti Yesus: “Tangia, paturonmu angkaten, lan lumakua!”


Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


Iku dipangandikani dening Rasul Petrus: “Eneas, Gusti Yesus nyarasake kowe; tangia lan paturonmu tatanen!” Sanalika iku uga wong mau banjur tangi.


Awit sapa kang kokapura kaluputane, iku iya dakapura. Sabab yen aku ngapura – saupama ana kang kudu dakapura – anggonku ngapura iku marga saka kowe ana ing ngarsane Sang Kristus,


Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.


Nanging kowe dipadha sumanak mungguh ing siji lan sijine, kebak ing sih katresnan lan apura-ingapuraa kayadene Gusti Allah ana ing Sang Kristus iya wus ngapura marang kowe kabeh.


Padha sabar-sinabarana kayadene Gusti Allah anggone wus ngapura kowe, kowe iya tumindaka mangkono uga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan