Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.
Balik mungguh wong kang nindakake apa-apa kanthi kajarag, dadia wong Israel asli utawa bangsa liya, iku dadine nyenyamah marang Sang Yehuwah, wong iku katumpesa saka ing satengahe bangsane,
Ing kono Imam Agung nyuwek pangagemane lan ngandika: “Wong iki nyenyamah Allah. Apa prelune nganggo seksi? Sapunika panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah.
Panjenengan sadaya sampun mireng anggenipun nyenyamah Gusti Allah, kadospundi panimbang panjenengan?” Wong-wong kabeh padha sarujuk, yen Panjenengane kudu diukum pati.
Aku pitutur marang kowe: Satemene sakabehing dosa lan pangala-alane anak-anaking manungsa iku bakal kaapura, malah sakabehing pangala-ala kang diucapake.
Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”