16 Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit tambalane iku bakal nyuwekake sandhangan mau, temahan malah saya amba amohe.
Panjenengan mugi karsaa tindak ngrumiyini kula, dene kula badhe lumampah lon-lonan manut lampahing kewan ingkang wonten ing ngajeng kula, saha manut lampahipun lare-lare, ngantos kula dumugi ing ngarsa panjenengan wonten ing Seir.”
Tekene kaprabone wong duraka ora bakal tetep ana ing bumi kang wus diundhi kanggo para wong mursid, supaya wong mursid aja nganti padha kumranggeh tangane marang piala.
Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa para mitrane temanten lanang bisa susah sajroning temantene isih ana? Nanging bakal ana wektune, temanten iku kapethal saka ing antarane, ing kono bakal padha pasa.
Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing impes kang lawas, amarga yen mangkono impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone tetep kanggo ing gawe.”
Ora ana wong kang nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit manawa mangkono suwekane kang anyar mau bakal nyuwekake, kang anyar nyuwekake kang lawas, temahan saya amba suweke.
Lan maneh Panjenengane iya paring pasemon marang wong-wong mau: “Ora ana wong golek tambalan kalawan nyuwek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek, tur tambalan kang anyar mau ora cocog karo kang lawas.