Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 9:12 - Kitab Sutji

12 Gusti Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 9:12
17 Iomraidhean Croise  

Panjenengane mulihake wong kang pepes atine, padha diblebedi tatune.


Manawa kecandhak ing lelara, dibiyantu dening Sang Yehuwah ana ing paturone, Paduka sarasaken babar pisan sesakitipun wonten ing patilemanipun.


Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka, mugi sampun Paduka perdi kalayan bramantya Paduka.


Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken, temah kawula badhe saras; kawula mugi Paduka wilujengaken, temah kawula badhe wilujeng, amargi Paduka punika pepujan kawula!


Amarga Ingsun bakal maluyakake sira, Ingsun bakal ngusadani memalanira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, amarga wong iku padha ngarani sira wong buwangan, yaiku kekarene kang ora ana kang nakokake babar pisan.


Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.


Apa ing Gilead ora ana boreh? Apa ing kana ora ana dhukun? Geneya tatune putrining bangsaku durung mari?


Asyur boten badhe saged mitulungi kawula sadaya; kawula boten badhe numpak kapal, saha kawula boten badhe wicanten malih: Dhuh Allah kawula! dhateng dedamelaning tangan kawula, margi Paduka ngasihi lare lola.”


[Dene rawuhe Putraning Manungsa iku prelu nylametake kang katriwal].”


Gusti Yesus mireng, lan banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang butuh dhukun iku dudu wong waras, nanging wong lara. TekaKu iki ora arep ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.


Nalika samana ana wong wadon kang lara nggrajag getih wis rolas taun lawase, ora waras-waras, sanadyan wis ditambani sapa bae.


Nanging wong akeh iya padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabeh padha ditampani dening Gusti Yesus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Dene kang nandhang lelara padha kawarasake.


Salam marang kowe saka Lukas, dokter kang kinasih lan saka Dhemas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan