Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 9:11 - Kitab Sutji

11 Bareng para wong Farisi weruh kang mangkono iku, banjur kandha marang para sakabate: “Yagene gurumu kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 9:11
14 Iomraidhean Croise  

kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku, mundhak dadi suci marga saka aku!” Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun, kaya geni kang murub sadina muput.


Tekane Putraning Manungsa nganggo mangan lan ngombe, kok unine wong: Delengen kuwi, wong grangsangan lan seneng ngombe anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Pangeran iku anggone kabenerake marga saka pandamele.”


Dene manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku kowe oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya tumindak mangkono, ta?


Kacarita nalika Gusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe, ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wong dosa kang padha teka ndherek dhahar kalawan Gusti Yesus dalasan para sakabate.


Nalika para ahli Toret saka golongan Farisi nyumurupi anggone Gusti Yesus dhahar bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa iku, banjur padha kandha marang para sakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”


Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”


pangucape: “Panjenengan sampun lumebet ing griyanipun tiyang-tiyang ingkang boten tetak saha dhahar sesarengan kaliyan tiyang-tiyang wau.”


Kita sadaya punika tiyang Yahudi asli sanes tiyang dosa saking bangsa-bangsa sanes.


Panjenengane kudu bisa melu ngraosake kaanane para wong bodho lan para wong kang kesasar, amarga panjenengane piyambak uga kebak ing kaapesan,


Manawa kowe padha katekanan wong kang ora nggawa piwulang iki, iku aja koktampani ana ing omahmu, lan aja kokuluki salam.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan