Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 8:8 - Kitab Sutji

8 Nanging atur wangsulane opsir mau: “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu lajeng saras.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 8:8
18 Iomraidhean Croise  

kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lepen Yarden punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangke sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten.


Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken. Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,


Pangeran paring pangandika sarta tumuli padha diwaluyakake, padha oncat saka ing luwenging kubur.


Amarga Panjenengane ngandika, kabeh banjur dadi; Panjenengane dhawuh, kabeh banjur ana.


“Tekenira iku sira jupuka, sira lan kakangira Harun padha nglumpukna umat iku, sarta sira nyalathonana parang iku kanthi kaweruhan ing wong kabeh, temah parange bakal metu banyune. Kaya mangkono iku anggonira ngetokake banyu saka ing parang iku, sarta anggonira aweh ngombe marang umat dalah raja-kayane.”


Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.


Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke: “Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok Paduka ngrawuhi kawula.”


Gusti Yesus nuli mulung astane, ndemek wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika kabirat budhuge temahan dadi resik.


Pangandikane Gusti Yesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.”


Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa! lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun: Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana! inggih lajeng dipun lampahi.”


kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih; keparenga namung dados satunggaling berahipun bapak kemawon.


Anake matur: Bapak, kula sampun nglampahi dosa dhumateng ing swarga tuwin dhumateng bapak. Kula sampun boten pantes kawastanan putranipun bapak malih.


Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”


iya iku kang rawuhe nungka aku. Ambok nguculi jangeting trumpahe bae aku ora patut.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan