Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.
Panggedhening prajurit dalah para wadyabalane sing padha njaga Gusti Yesus, bareng weruh lindhu lan apa kang wis kalakon, padha wedi, lan padha calathu mangkene: “Sanyata Panjenengane iku Putraning Allah.”
Panggedhene prajurit, kang ngadeg ana ing ngarsane Gusti Yesus, bareng nyumurupi anggone seda mangkono iku, banjur ngucap: “Sanyata, wong iku Putraning Allah.”
Nanging nalika Rasul Paulus dilumahake arep disapu, panjenengane banjur ngandika marang opsir kang nglakoni wajib: “Punapa panjenengan dipun parengaken nyapu warganagari Rum, punapa malih tanpa dipun adili?”
Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.”
Sawuse mangkono panggedhe prajurit mau banjur nimbali opsir loro sarta didhawuhi mangkene: “Cawisna prajurit rong atus kang bakal menyang ing Kaisarea karo prajurit jaranan pitung puluh sarta prajurit kang asikep gegaman tumbak rong atus, kira-kira jam sanga bengi iki.
Ing nalika iku ana angin sumilir saka ing kidul, mulane wong-wong padha ngira, yen sedyane mesthi bakal kaleksanan. Banjur padha mbedhol jangkar lan layar mlipir cedhak banget karo pulo Kreta.
Mulane Rasul Paulus banjur matur marang opsir lan para prajurit: “Manawi tiyang-tiyang punika boten lestantun wonten ing baita, panjenengan sadaya boten badhe wilujeng.”
Nanging opsire kapengin nggesangi Rasul Paulus. Mulane niyate para prajurit mau digagalake sarta prentah, supaya wong-wong kang bisa nglangi padha ndhisiki nyegur ing sagara lan munggah ing dharatan,
Lida iku cedhak karo Yope. Bareng para siswa padha krungu, yen Rasul Petrus ana ing Lida, banjur kongkonan wong loro sowan marang ing ngarsane, ngaturake panyuwun mangkene: “Kula aturi enggal rawuh ing panggenan kula!”