Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 8:4 - Kitab Sutji

4 Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 8:4
31 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah demi karsane nylametake kepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;


manawa tandha-tandha kang dumunung ing barang-barang mau katon semu abang, iku memala saraat, perlu dipriksakake marang imam.


Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.


Gusti Yesus banjur ngawisi para sakabate, ora diparengake martak-martakake marang wong siji-sijia, yen Panjenengane iku Sang Kristus.


Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”


Nanging Gusti Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.” Nabi Yokanan tumuli sumarah.


“Kowe aja padha duwe pangira, yen tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging malah nindakake.


“Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.


Mripate banjur kaelekake. Banjur padha diwanti-wanti: “Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing wong.”


Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.


nanging padha dilarang wanti-wanti, ora diparengake martakake bab sapa ta Panjenengane iku.


Banjur padha diparingi piweling wanti-wanti, aja nganti ana wong kang ngreti bab iku, tumuli dhawuh menehi mangan bocah mau.


Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”


Wong-wong kang ana ing kono padha kaweling dening Gusti Yesus, supaya aja padha nyritakake lelakon iku marang sapa bae. Nanging saya dilarang, malah saya nemen anggone padha martakake.


Para sakabat banjur padha diwanti-wanti, ora diparengake wara-wara bab iku mau marang sapa bae.


Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling, aja ana kang kandha-kandha marang sapa-sapaa bae bab apa kang mentas padha dideleng mau, nganti tumeka Putraning Manungsa wis wungu saka ing antarane wong mati.


Panjenengane nuli mirsani wong-wong mau lan ngandika: “Kowe padha lungaa, awakmu tuduhna marang imam!” Kocapa, sajrone padha lumaku iku, padha birat najise.


Iku bakal dadi jalarane kowe kabeh bakal padha nglairake paseksen.


Iya akeh wong kang dhemite metu kalawan nguwuh seru: “Paduka punika Putranipun Allah.” Nanging banjur didukani, ora diparengake calathu mangkono, awit padha sumurup, yen Panjenengane iku Sang Kristus.


Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”


Wong tuwane bocah mau padha kaeraman, nanging padha diwaleri, ora diparengake martak-martakake lelakon mau marang wong.


Banjur padha diwaleri dening Gusti Yesus, ora diparengake ngandhakake bab iku marang wong.


Aku ora kepengin diurmati dening manungsa.


Wong kang rembuge saka karepe dhewe iku ngarah kaluhurane dhewe. Nanging wong kang ngupaya kaluhurane kang ngutus, iku kang temen, sarta ora kadunungan cidra.


Nanging Aku ora ngudi marang kaluhuranKu: Ana siji kang ngupaya lan Panjenengane iku uga kang ngadili.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan