Nanging Sang Naaman banjur tindak kalawan duka, pangandikane: “Dakkira dheweke apese metu lan ngadeg nyebut asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nuli ngusapake tangane ing lelaraku lan kalawan mangkono lelaraku saraat banjur waras!
Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.
Sawuse mangkono dhawuhe maneh: “Tanganira lebokna maneh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetake astane maneh ing tangkeping jubahe, bareng ditarik metu, lah wus pulih maneh kaya sarirane.
Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”
Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu.