Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 8:2 - Kitab Sutji

2 Lah ing kono ana wong budhugen sowan sarta sujud marang Panjenengane, unjuke: “Gusti, manawi Paduka karsa, inggih tamtu saged mbirat najis kawula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 8:2
37 Iomraidhean Croise  

Nanging ingsun iki saiki isih ringkih, sanadyan wis jinebadan dadi ratu, mangka wong-wong iku, anak-anake Zeruya, kerase padha ngluwihi ingsun. Muga Sang Yehuwah paring piwales marang wong kang nindakake piala cundhuk karo panggawene kang ala.”


Mulane Pangeran Yehuwah banjur nggebag Sang Prabu, temah dadi gerah saraat nganti tumeka ing sedane, lan manggen ing dalem pasetran. Anadene Pangeran Yotam, kang putra, mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.


Kacarita Senapati Naaman, panggedhening wadya-balane ratu ing Aram, iku sawijining priyagung kang kajen banget ana ing ngarsane gustine sarta banget anggone ditresnani, awit marga saka priyagung iku Sang Yehuwah wus paring kaunggulan marang wong Aram. Nanging priyagung kang prawira ing perang iku nandhang gerah kusta.


nanging lelarane budhug Sang Naaman bakal tumempel marang kowe lan anak-putumu ing salawas-lawase.” Gehazi banjur mundur saka ing ngarsane, wus nandhang lelara kusta, putih kaya salju.


Bareng megane wus pindhah saka ing sadhuwure tarub, lah Ibu Miryam iku nandhang memala saraat, rupane putih kaya salju; nalika Imam Harun noleh marang Ibu Miryam, katon wus nandhang memala saraat.


Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga.


Mulane Panjenengane ora nindakake mukjijat akeh ana ing kono, jalaran saka anggone padha ora pracaya iku.


Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”


Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung!”


Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhe kawula lunasi.


Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengane. Banjur padha mbukaki pethine raja-brana, Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas, menyan lan blendok mur.


Ibune anak-anake Zebedheus marak ing ngarsane Gusti Yesus karo anak-anake, banjur sujud sarta arep ngaturake panyuwunan.


Nalika Gusti Yesus ana ing Betania, ana ing omahe Simon Budhug,


Bareng padha ndeleng Panjenengane banjur padha sujud, nanging ana sawatara kang isih mangu-mangu.


Dumadakan Gusti Yesus methukake lakune lan ngandika: “Bagea!” Banjur padha marek, nyungkemi sampeyane lan sujud.


nuli munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun Panjenengan sumungkem sujud dhateng kula.”


Bareng Gusti Yesus tumedhak ing gunung, banjur kadherekake wong pirang-pirang gegolongan.


Para sakabate tumuli padha sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.”


Sajrone Gusti Yesus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang sowan lan matur: “Anak kawula estri saweg kemawon tilar donya ewasamanten Paduka mugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhe gesang malih.”


Apadene nalika jamane Nabi Elisa ing tanah Israel akeh wong kang budhugen, nanging siji bae ora ana kang kabirat najise, kajaba Naaman, wong Siria.”


Kang kapangandikanan munjuk: “Kawula pitados, Gusti.” Dheweke banjur sumungkem sujud marang Gusti Yesus.


Nanging Petrus munjuk: “Boten Gusti, boten, sabab kawula dereng nate nedha punapa-punapa ingkang karam saha najis.”


Bareng Rasul Petrus lumebet ing omah, Kornelius methuk kambi sumungkem ing ngarsane sarta sujud.


sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan