Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 8:16 - Kitab Sutji

16 Sorene akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing padha disowanake menyang ngarsane Gusti Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana pangandika lan sarupane wong kang nandhang lelara padha diwarasake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 8:16
17 Iomraidhean Croise  

pangandikane: “Manawa sira padha ngrungokake marang dhawuhing Pangeran Yehuwah Gusti Allahira kanthi temen-temen, lan nglakoni apa kang bener ana ing paningale, sarta nilingake kupingira marang dhawuhe, apadene tansah nindakake sakehe katetepane, mesthi sira ora bakal Sunganjar sadhengah lelara kang wus Suntandukake marang wong Mesir, awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nyarasake sira.”


Sawise iku banjur ana wong kang kasurupan, tur picak lan bisu, disowanake menyang ngarsane, nuli diwarasake dening Gusti Yesus, satemah kang picak lan bisu mau banjur bisa guneman lan ndeleng.


Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.


Tumuli didemek tangane, temahan waras, banjur ngladeni tamune.


Kang padha ngengon babi mau padha mlayu sarta bareng wus tekan ing kutha, padha nyritakake lelakon iku mau kabeh, uga bab wong-wong kang kapanjingan dhemit mau.


Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”


Tumuli ana wong-wong kang nyowanake wong lumpuh, digotong wong papat.


Jalaran sadurunge iku Gusti Yesus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!”


Bareng Gusti Yesus mirsa wong akeh padha teka ngrubung, banjur ndukani dhemite, pangandikane: “Heh, roh kang marakake bisu lan budheg, dhawuhKu marang kowe: Metua saka ing bocah iki lan aja koksurupi maneh!”


Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”


Bareng wis surup, wong-wong padha nyowanake sanak sadulure kang lara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astane, temah padha mari.


Iya akeh wong kang dhemite metu kalawan nguwuh seru: “Paduka punika Putranipun Allah.” Nanging banjur didukani, ora diparengake calathu mangkono, awit padha sumurup, yen Panjenengane iku Sang Kristus.


malah padha nggawa wong-wong kang lara menyang ing dalan gedhe, kaselehake ing amben utawa kasur, supaya manawa Rasul Petrus langkung, saora-orane katiban wayangane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan